Nang Pulo Buton, sisih wétan Indonesia, ana sawijining kutha jenenge Baubau sing nduweni cara unik kanggo ngreksa basa daerahé. Bocah-bocah nang kana sinau basa ibuné nganggo aksara Korea, yaiku Hangul. Basa Cia-Cia, sing dituturaké kira-kira 80.000 wong nang Sulawesi Tenggara, sadurungé pancen ora nduweni sistem tulisan dhewek. Mula sekang kahanan kuwe, masyarakaté ngupaya golek cara supaya basa kuwe ora ilang ditelan jaman.
Basa Cia-Cia kalebu basa suku kata, dadi ora gampang yen mung ditulis nganggo aksara Latin sing umum dienggo nang Indonesia. Akeh swara sing ora pas yen dipaksa mlebu pola Latin. Amarga kiye, wong-wong kana rumangsa perlu ana sistem tulisan sing luwih cocog karo karakter swarané. Yen mung ngandel aksara Latin bae, ana sawetara pocapan sing ora teyeng katulis kanthi cetha.
Nang taun 2009, sawisé ana ijolan budaya karo para sarjana sekang Korea Kidul, aksara Hangul banjur dikenalna nang Baubau. Sawetara guru lan murid dikirim menyang Korea kanggo sinau langsung sistem tulisan kuwe. Salah siji peloporé yakuwe Abidin, sing ngentongna nem sasi latihan nang kana. Dheweke banjur nulis kamus basa Cia-Cia nganggo Hangul supaya masyarakat luwih gampang sinau lan ngganggo.
Miturut Abidin, nang tembung Latin ora ana kesepakatan cetha babagan cara maca swara kaya “pha” utawa “ta”. Nanging sawisé sinau Hangul, dheweke nemokna yèn ana aksara Korea sing pas kanggo makili swara-swura kuwe. Sekang kéné katon yèn Hangul luwih fleksibel lan teyeng nyekel rincian fonetik basa Cia-Cia sing sadurungé angel ditulis.
Panggunaan Hangul diwiwiti kanggo ngreksa basa lisan sing ora nduweni sistem tulisan resmi. Inisiatif kiye tujuwané supaya basa Cia-Cia ora ilang amarga pengaruh Basa Indonesia sing saya kuwat. Sajeroning rong puluh taun pungkasan, akèh tembung asli sing wis keseret lan keganti déning basa nasional lan basa daerah liyané. Kahanan kiye ndadèkakna para sesepuh kuwatir yèn generasi enom ora maning kenal kosakata lawasé.
Salah siji sesepuh umur 50 taun, Ilyas, nyritakna yèn tembung-tembung kuna wis akèh sing ilang sithik-sithik sekang panggunaan saben dina. Siki, tulisan Cia-Cia nganggo Hangul wis teyeng dideleng nang plang dalan lan kantor pamaréntahan nang Baubau. Kiye dadi tandha yèn upaya pelestarian basa ora mung wacana, nanging wis mlebu ruang publik lan urip bareng masyarakat.
Nanging ora kabèh wong sarujuk. Ana sing nduweni rasa nasionalis lan kuwatir amarga nganggo aksara manca. Nanging ana uga sing percaya yèn campuran internasional kiye malah bisa—utawa luwih trep disebut teyeng—nguntungna proses pelestarian basa. Minangka tambahan, penulis uga njajal nulis basa Jawa ora mung nganggo aksara Latin, nanging uga nganggo Aksara Sunda lan huruf Thaana sekang Maladewa, minangka wujud eksplorasi lan pangurmatan marang keragaman sistem tulisan nang donya. Pengen ngerti ora kowe padha?
Komentar
Posting Komentar