Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2026

Duwe Utang Milyaran Suwalike Jeneng Merah Putih, Crita KDMP Sing Nggawé Kaget Warga Desa!

Ana sawijining narasi babagan KDMP, cekakan sekang Koperasi Desa Merah Putih. Crita kiye dudu sekadar omongan kosong, nanging kutipan sekang komentar netizen sing ngrembug bab skema pembiayaan lan risiko sing kudu diadhepi. Inyong maca kanthi teliti, amarga angka-angkane ora cilik lan implikasine ora main-main kanggo desa. Disebutna yèn pinjamané nganti Rp3 miliar. Sekang jumlah kuwe, Rp2,5 miliar kanggo bangunan, alat prasarana lan kendaraan, dene Rp500 juta kanggo modal muter usaha. Nanging kudu digarisbawahi, kuwe dudu hibah, nanging utang nganggo bunga 4% saben taun. Tegese, nalika duit wis cair lan bangunan wis rampung dibangun, sasi candhake koperasi wis kudu mbayar angsuran Rp50 juta saben wulan, utawa Rp600 juta saben taun. Angka sing ora entheng kanggo ukuran desa. Supaya teyeng nutupi angsuran Rp50 juta saben wulan, koperasi kudu ngasilna laba bersih Rp50 juta saben wulan. Yen margin bersihé 5%, tegese kudu nggayuh omzet Rp1 miliar saben wulan, utawa kurang luwih ...

Ana Nang Indonesia, Bocah Kiye Sinau Basa Ibune Nganggo Aksara Korea

Nang Pulo Buton, sisih wétan Indonesia, ana sawijining kutha jenenge Baubau sing nduweni cara unik kanggo ngreksa basa daerahé. Bocah-bocah nang kana sinau basa ibuné nganggo aksara Korea, yaiku Hangul. Basa Cia-Cia, sing dituturaké kira-kira 80.000 wong nang Sulawesi Tenggara, sadurungé pancen ora nduweni sistem tulisan dhewek. Mula sekang kahanan kuwe, masyarakaté ngupaya golek cara supaya basa kuwe ora ilang ditelan jaman. Basa Cia-Cia kalebu basa suku kata, dadi ora gampang yen mung ditulis nganggo aksara Latin sing umum dienggo nang Indonesia. Akeh swara sing ora pas yen dipaksa mlebu pola Latin. Amarga kiye, wong-wong kana rumangsa perlu ana sistem tulisan sing luwih cocog karo karakter swarané. Yen mung ngandel aksara Latin bae, ana sawetara pocapan sing ora teyeng katulis kanthi cetha. Nang taun 2009, sawisé ana ijolan budaya karo para sarjana sekang Korea Kidul, aksara Hangul banjur dikenalna nang Baubau. Sawetara guru lan murid dikirim menyang Korea kanggo sinau ...

Kiye Dudu Huruf Arab Pegon Kanggo Nulis Basa Jawa

Sekang mbiyen, basa Jawa ora mung ditulis nganggo huruf Latin, ning uga tau nganggo huruf Arab Pegon. Pegon kuwe adaptasi huruf Arab sing diowahi ben cocog karo swara khas Jawa. Ana sawetara huruf sing ditambah utawa diganti ben bisa makili swara kaya “ng”, “ny”, lan liya-liyane. Tradisi Pegon nuduhna yen wong Jawa ora kaku soal aksara. Huruf bisa disilih, diowahi, banjur disesuaikna karo kabutuhan lokal. Sekang pesantren tekan karya sastra lawas, Pegon dadi bukti yen tulisan Arab tau nyawiji karo basa Jawa. Saiki muncul gagasan sing rada iseng ning menarik: nek mbiyen basa Jawa bisa ditulis nganggo Pegon, kenapa ora njajal nganggo aksara Thaana? Sanajan bentuké beda karo Arab standar, Thaana uga nduweni pengaruh huruf Arab amarga berkembang nang tradisi Islam nang Maladewa kanggo nulis basa Dhivehi. Secara tampilan, kanggo wong awam, tulisan Thaana kiye bisa katon kaya tulisan Arab. Apamaning generasi siki sing ora pati kenal karo Pegon, mesthi bisa nganggep kiye variasi A...

Satria Sabun Laundry

Satria sabun khusus kanggo ngumbah klambi, produk sekang Bandar Deterjen. Sabun kiye diracik kanthi teliti supaya cocok dienggo saben dina, olih asil resik sing maksimal tanpa ngrusak serat kain. Sekang pengalaman akeh wong sing wis njajal, kualitasé ora kalah karo produk liya, malah luwih dipercaya amarga formulane pas lan ora kelewihan umpruk. Keunggulan utama sabun kiye ana nang busana sing luwih sithik. Akeh wong nganggep yen busa akeh kuwe tandha luwih resik, nanging sejatiné ora mesthi ngono. Kanthi busa sing luwih terkontrol, proses mbilas dadi luwih gampang lan ora ninggalna sisa deterjen nang klambi. Nalika dienggoa nang mesin cuci, sabun kiye uga luwih aman. Busa sing ora kakehan bisa njaga komponen mesin tetep awet lan ora cepet rusak. Kuwé penting banget, apamaning siki meh saben omah wis duwé mesin cuci kanggo kebutuhan saben dina. Asilé, klambi tetep resik, alus, lan ora gampang luntur. Resike ora mung katon sekang njaba bae, nanging uga nyerep tekan serat kai...

Ora Ngapak Ora Kepénak

“Ora Ngapak Ora Kepenak” kuwe dudu mung ukara biasa, nanging wis dadi semangat lan jati diri wong Banyumasan. Sapa bae sing lair lan gedhe nang tlatah Banyumas mesthi ngerti rasa kepenak nalika omong nganggo logat ngapak. Nalika kudu nyesuaikna logat dadi "koyo wong ngetan", rasane ana sing kurang, kaya dudu awake dhewek. Mula ukara kiye dadi tandha yen ngapak kuwe dudu mung cara ngomong, nanging rasa nduweni lan rasa bangga. Dialek ngapak wis suwe ana lan dianggep dadi salah siji bentuk basa Jawa sing luwih lawas. Amarga adoh sekang pengaruh keraton, basa wong Banyumas tetep lugas lan apa anane. Tembung-tembunge cetha, swarane “a” tetep “a”, ora malih dadi “o”. Wong kene ngomong apa anane bae, ora seneng muter-muter tembung. Sekang kahanan sejarah kuwe, laire watak egaliter sing nganti siki isih krasa. Nang tlatah kaya Purwokerto, Cilacap, Purbalingga, Banjarnegara, tekan desa-desa cilik liyane, ngapak dadi basa saben dina. Bocah cilik tekan wong tuwa padha ngang...

Jaréné Jawa Adalah Hama

Ketimpangan pembangunan nang Indonesia kerep dadi bahan rembugan anget nang tengah masyarakat. Akeh wong ndeleng yen Pulo Jawa berkembang luwih cepet dibanding wilayah liya. Kutha-kutha gedhe tuwuh pesat, infrastruktur luwih lengkap, lan pusat pemerintahan ana nang kana. Kahanan kiye njalari maneka panemu, ana sing kritis lan ana sing emosional. Sejarah dawa Indonesia melu mbentuk kahanan kuwe. Nalika jaman kolonial, pamarentah Hindia Belanda ndadekna Pulo Jawa dadi pusat administrasi lan ekonomi. Sawise merdeka, pola kuwe ora langsung owah. Pusat pamarentahan tetep ana nang Jakarta lan pembangunan luwih difokusna nang wilayah sing wis nduweni infrastruktur sekang awal. Nalika jaman Orde Baru sangisore pimpinan Suharto, pembangunan pancen ngalami percepatan. Nanging sistem sing sentralistik ndadekna daerah isih gumantung banget karo pamarentah pusat. Bab kiye nguwatna kesan yen Jawa luwih dominan dibanding daerah liya. Program transmigrasi uga dadi bagean sekang dinamika ku...

Drama Dodolan Pelem nang Griya Alam Sentosa Blok Y Cileungsi

Nang pojok Griya Alam Sentosa Blok Y, Cileungsi, crita kiye diwiwiti. Inyong, penulis sing kebak pangarep-arep, tanggane karo Abdan Syakuron sing dikenal nduweni eseman nyakini. Sore kuwe, nang ngarep pager omah sing cedhak bae, muncul gagasan dodolan pelem. Inyong nduweni modal limang atus ewu rupiah, banjur diparingna marang Abdan kanggo ngelolana, karo janji yen usaha mandheg, dhuwit kuwe dadi utange dheweke marang Inyong. Awal-awale usaha kiye mlaku apik banget. Pelem sing wangi laris manis nang ngarep omah. Saben dina entong bae, kranjang dadi kosong. Inyong sing ndeleng sekang kadohan rumangsa bungah, merga modal sekang inyong katon bisa ngasilna bathi. Nanging ora suwe, kahanan owah. Peleme wis entong, bathi wis ana, nanging kranjang ora katon maning nang arep omah. Abdan mutusna mandheg dodolan sepihak. Miturut janji awal, merga usaha mandheg, modal limang atus ewu rupiah kuwe otomatis dadi utang sing kudu dibalekna marang inyong. Inyong banjur nagih kanthi cara api...

Atos Artiné Nang Basa Sunda Nyatané Ora Pada Karo Basa Jawa

Basa Sunda lan basa Jawa kuwe padha-padha sugih tembung, nanging ora kabeh tembung nduweni teges sing padha. Nang tanah Jawa Tengah lan Jawa Timur, wong-wong saben dina nganggo basa Jawa, dene nang Jawa Barat lan Banten luwih akrab nganggo basa Sunda. Sanadyan beda wilayah, ana akèh tembung sing swarane padha nanging tegesé beda adoh. Kahanan kiye kerep njalari salah paham nek ora ngerti bedane. Tuladhane, tembung gedang nang Sunda artine pepaya, nanging nang Jawa malah pisang. Sampean nang Sunda artine sikil, dene nang Jawa dadi tembung kanggo nyebut kowe. Atos nang Sunda tegese wis, nanging nang Jawa tegese atos utawa keras. Arek nang Sunda artine bakal, nanging nang Jawa artine bocah. Amis nang Sunda legi, nanging nang Jawa malah anyir. Ana maning tembung kaya arep sing nang Sunda artine ngarep-arep, nanging nang Jawa artine bakal. Aling-aling nang Sunda penghalang pandangan, nanging nang Jawa tegesé ndhelik nang balik barang. Alas nang Sunda mung bagean, nanging nang Ja...

Apa Ana Basa Jawa Ditulis Nang Aksara Sunda?

Bahasa Jawa umume ditulis nganggo huruf latin, pegon Arab, utawa aksara Jawa. Nanging ana uga sing njajal nulis basa Jawa, luwih-luwih dialek Banyumasan, nganggo aksara Sunda. Kiye dudu perkara umum, nanging ana sing wis nindakna. Salah siji contone ana nang blog asbaja.blogspot.com, sing isine crita basa Jawa nanging ditulis nganggo aksara Sunda. Sekang kono katon yen kreativitas basa lan aksara bisa mlaku bareng, ora kudu tansah manut pakem lawas bae. Ana sawetara alesan kenapa milih aksara Sunda ketimbang aksara Jawa. Sing kapisan soal spasi. Nang aksara Jawa, spasi ora dienggo kaya nang tulisan latin. Nalika loro tembung ketemu, kerep katon kaya dadi siji lan kadhang nggawe wong kang maca dadi bingung. Kanggo wong sing durung biasa, perkara kiye bisa dadi alangan gedhe amarga maca dadi ora lancar lan kudu mikir luwih suwe. Alesan kapindho yaiku soal ketegasan swara. Nang aksara Jawa, swara vokal kerep ditandhani nganggo huruf “ha”. Dene basa ibu dialek Banyumasan, saben...

Masa Bersiap Sekang Bogor Bali Menyang Banyumas

Masa bersiap kiye dadi wektu sing kebak rasa campur aduk ning atiku. Siki aku lagi nata niat arep pindah domisili sekang tanah Sunda, ya kuwe Bogor, bali menyang Banyumas, tanah kelairanku dhewek. Kuwe dudu keputusan sing dumadakan, nanging wis tak pikir suwé lan tak timbang maning kanthi mateng. Ana akèh pertimbangan sing mbokmenawa ora perlu tak critakna kabeh, nanging sing cetha, kiye langkah gedhé kanggo nerusake urip lan perjuangan. Sekang kene, usaha sabun wis lumaku lan alhamdulillah bisa nyukupi kabutuhan. Produksi sabun deterjen, gawe parfum, karbol, pel lantai, lan macem-macem kebutuhan kebersihan omah tangga lan laundry wis dadi kegiyatan saben dina. Rencanane, kabeh kuwe bakal tetep tak lakoni nang Banyumas. Ora mung produksi, aku uga tetep kepengin mbukak pelatihan sabun, supaya wong-wong kana bisa sinau lan nduwé ketrampilan. Kuwe sing tak anggep penting, amarga rejeki ora mung kanggo dinikmati dhewek, nanging bisa dienggo bareng-bareng. Wingi aku wis pindho b...

Pelatihan Nggawe Sabun Nang Bogor Lan Banyumas

Inyong siiki lagi sregep nyelenggarakna macem-macem pelatihan lan kursus usaha home industry kanggo sapa bae sing kepengin maju. Wiwit saka wong sing durung nduwé pengalaman nganti sing wis tau nyoba usaha nanging pengin nambah ilmu, kabeh bisa melu. Pelatihan kiye dadi dalan kanggo wong-wong sing kepengin nduwé penghasilan sekang omah dewek, tanpa kudu ninggalna tanggung jawab saben dina. Sing diajarkna ora sembarangan, ning langsung praktek nggawe produk sing saben dina dibutuhna masyarakat. Ana pelatihan nggawe deterjen, sabun, parfum, karbol, nganti usaha laundry. Kuwe kabeh mlebu usaha rumahan sing modale ora pati gedhé nanging peluangé apik banget. Yen digarap tenanan, insyaAllah bisa dadi sumber rejeki sing ajeg. Pelatihan kiye cocok banget kanggo sing lagi miwiti usaha anyar utawa sing pengin nambah kawruh lan keterampilan. Ora mung diwulang carane nggawe produk, nanging uga diwenehi pangerten babagan takaran bahan, cara ngemas, lan tips supaya produk bisa saingan n...

Bener Apa Ora Mahapatih Gajah Mada dudu patih Hindu-Buddha, nanging wong Muslim jenenge “Gaj Ahmada”?

Nang tengah banjire revisi sejarah nang media sosial wiwit taun 2017, metu klaim sing bombastis lan gawe geger: Mahapatih Gajah Mada kuwe dudu patih Hindu-Buddha, nanging sejatiné wong Muslim jenenge “Gaj Ahmada”. Malah Kerajaan Majapahit sing legendaris kuwe diklaim dudu imperium Hindu-Buddha, nanging “Kesultanan Majapahit” Islam. Crita kiye asalé sekang buku terbitan winates taun 2010 judhule Kesultanan Majapahit: Fakta Sejarah yang Tersembunyi karya Herman Sinung Janutama bareng Tim Kajian Kesultanan Majapahit sekang PD Muhammadiyah Kota Yogyakarta. Nanging, klaim kuwe dibangun nganggo metodologi sing ringkih lan cenderung tendensius. Penulisé nolak cara mikir sejarah ilmiah adhedhasar sumber primer sezaman, lan luwih milih gumantung karo tradhisi lisan, babad abad 17–19, lan silsilah sing ditulis atusan taun sawisé Gajah Mada séda. Sekang kéné banjur metu argumen linguistik sing dipaksakna: “Gajah Mada” diarani asalé sekang “Gaj Ahmada” merga wong Jawa kesrakat ngucap “...

Raja Jawa Sing Kearab-araban, Swara A Diganti O

Nang jaman gemiyen, nalika tanah Jawa esih kabagi dadi kraton-kraton gedhé, ana sawijining raja sekang Kesultanan Mataram sing kerep diarani raja Jawa sing kearab-araban. Jenenge Sultan Agung. Critane nyebar sekang cangkriman nganti dongeng rakyat, ngomongna bab carane dheweke seneng banget karo swara lan lagu basa Arab sing kerep diucapna para ulama nang kraton. Raja kuwe seneng ngrungokna wong maca kitab, shalawat, lan ayat-ayat suci. Saben krungu swara vokal kang medhok lan mbulet, dheweke rumangsa swarane luwih marem lan luwih wibawa. Sekang ngono, miturut crita turun-temurun, dheweke banjur seneng yen tembung Jawa sing pungkasané “a” diucapna dadi “o”. Dadi “apa” dadi “opo”, “sapa” dadi “sopo”. Wong-wong kraton sing kepengin nderek kersa dalem banjur melu-melu ngucap kaya ngono. Basa krama nang pendhapa kraton alon-alon owah swarane. Sing gemiyen muni cetha “a”, dadi luwih mbulet “o”. Wong sing ora ngucap kaya ngono dianggep durung alus basane, durung manut pakem krat...

Kiye Gendhèng Apa Gendheng ?

Kiye deleng umahé almarhumah mama. Saben aku mandheg nang ngarep omah kuwe atiku campur aduk. Omahé sederhana, temboke sekang gribig wis lawas, caté anggo plamir wis padha luntur dipangan wektu. Nanging neng kono kebak kenangan: swara mama masak neng pawon, ngguyu bareng batire, lan donga sing tau munggah saben wengi. Siki mama wis ora ana, ning omahé isih dadi saksi bisu perjalanan urip keluargaku. Jajal deleng ndhuwuré anggo seng mbok? Kiye lagi dibenerna karo kanca cilik jenenge Rikun. Dheweke tulung tanpa akeh caturan, mung nggawa tangga lan palu. Senge padha bolong jalaran karatan. Ya pastine padha bocor nek udan. Nek mangsa rendheng teka, banyu netes sithik-sithik sekang ndhuwur, kadang kudu ngesog ember nang njero omah ben ora kebanjiran. Kahanan kaya ngene kiye wis lumrah kanggo wong cilik. Rikun ngomong, “Nek nduwé duit luwih, nggo bae diganti gendheng.” Aku mung mesem. Gendheng pancen luwih adem lan luwih awet ketimbang seng. Ning regané ya ora sithik. Wong urip...

Satria Arep Mardika Sekang Satrio

Satria kuwe pralambang wong Banyumas sing temenan ngugemi jati dirine. Omongane ngapak cetha, vokale tetep -a, ora malih dadi -o. Yen ngomong, tembunge lugas, ora muter-muter kaya dalan nggunung. Karo sapa bae, tuwa apa enom, sugih apa mlarat, tetep padha. Ora ana unggah-ungguh sing kakehan aturan nganti nggawe atine kikuk. Kanggo Satria, rasa ngajeni kuwe ana nang ati lan tumindak, dudu mung sekang pilihan tembung. Ngapak kuwe dudu kasar, nanging tandha yen dheweke ora seneng lamis lan ora seneng ndhelikna maksud. Watake Satria blaka suta. Yen bener ya diarani bener, yen salah ya diomong salah. Huruf “k” diwaca cetha, ora dadi “’ ” sing kadhang ora keton wujude. Tembung “bapak” ya tetep “bapak”, dudu “bapa’ ” sing kaya ilang buntute. Kuwe dudu amarga ora ngerti tata krama, nanging amarga wis kulina karo budaya sing prasaja lan terbuka. Wong Banyumas sekang gemiyen dikenal teges lan ora seneng kemaki. Satria mung nerusna warisan kuwe, warisan kejujuran lan kesahajaan. Nang...

Maling Berkedok Gizi

Segalane kaya-kaya wiwit sekang sing dijenengi “nikmaté” MBG. Anggarané tekan Rp 335 triliun saben taun, mung kanggo maringi mangan awan sing jarene bergizi lan gratis kanggo bocah-bocah. Ning yen dideleng sekang data, wong miskin nang Indonesia mung watara 8,25%, tegesé 91,75% kuwe dudu wong miskin. Dadi pitakoné, apa iya program gedhé kaya ngono pancen nyasar marang sing paling butuh? Apa ora malah akeh bocah sing saben dinané neng omah wis mangan luwih apik lan luwih bergizi timbang panganan sekang program kuwe? Ning sisih liya, ana crita sing ngiris ati. Ana bocah umur sepuluh taun sing mati bunuh diri merga ora nduwé pena lan buku kanggo sekolah. Ana maning bocah wolung taun sing mati wektu golek sesuap sega merga nang omahé pancen ora ana panganan. Kahanan kaya ngene kiye kaya tamparan keras kanggo negara sing jarene sugih sumber daya alamé, nanging isih ana bocah cilik sing ora bisa sekolah mung merga ora nduwé alat tulis lan ora nduwé sega kanggo dipangan. Indonesia...

Presiden Bodho

Siki awake dhewek lagi dipimpin wong sing diarani bodho (goblog), sing ora rumangsa yen awake dhewek kuwe bodho lan mulane ora tau gelem sinau. Nanging malah milih nularna kebodhoane marang wong liya. Sing luwih nggumunna, wong-wong pinter nang sakupenge kaya ora masalah digawa mlebu nang kahanan kaya kuwe. Malah ana sing nganthi bangga ngunggah-ungguh karo mbelani apa wae sing dadi kebodhoane pimpinané. Tembung kuwe diucapna karo mas Tiyo, Ketua BEM sekang Universitas Gadjah Mada, liwat unggahané nang Instagram. Panemune langsung dadi omongan nang endi-endi, ana sing setuju ana sing ora trima. Nanging paling ora, pernyataan kuwe wis mbukak diskusi neng tengah masyarakat babagan kahanan kepemimpinan siki. Yen miturut panemuku pribadi, ana beneré uga sing diomongna mau. Sajrone masa kepemimpinane, ora pati katon ana owah-owahan gedhe sing ndhasar neng babagan ekonomi. Sing ana mung program-program sing katon rame neng permukaan, nanging dhasaré ora kuwat. Rakyat cilik isih p...

Yen Indonesia Dijajah Spanyol utawa Portugis Luwih Suwe, Jenenge Wong Jawa Bisa Dadi Sugeng Fernández

Akeh wong sing nganggep nek identitas Indonesia dina siki kuwe wis alami, wis mesthi, kaya wis ora bisa diganggu gugat. Ning sakjané, sing diarani “jati diri bangsa” kuwe akèh-akèhé mung kebetulan sejarah. Yen bae ana owah-owahan sethithik wae—umpamané Indonesia dijajah Spanyol utawa Portugis luwih suwe—mbokmenawa siki kita wis padha bangga ngomong basa Spanyol, nganut agama Katolik, lan ngenalna awak, “Jenengku Sugeng Fernández,” tanpa krasa kikuk. Deloken bae Amerika Latin lan Filipina. Saka kana ketok cetha, kolonialisme Iberia kuwe ora mung teka njarah bandha, ning pancèn niaté ngganti wong-wonge. Basa daerah dianggep rendahan, agama digeser alon-alon ning terus-terusan, lan bocah-bocah digedhekna nganggo cara mikir wong Eropa. Suwe-suwe, penjajahan ora dirasa penjajahan maning, ning malah dianggep dadi nasib sejarah. Indonesia sakjané meh wae mlebu dalan kaya ngana. Portugis lan Spanyol tau mlebu, nggawa salib lan basané. Ning wong loro kuwe kalah cepet lan ora betah s...

James Watt, Sing Nemokna Mesin Uap

Kepala sekolah kongkon bocah-bocah murid ngumpul nang ruangan teater amarga sedhela maning film arep diwiwiti. Agung, Slamet karo kancane ya banjur nuruti omongane kepala sekolah. Ora suwe lampu nang ruangan teater kuwè mati, film ya mulai diputer. Kabeh mata langsung nyawang layar gede sing ana nang ngarepane. James kuwè sawijining penemu mesin uap. Dheweke lair nang Greenock, Skotlandia, tanggal 19 Januari 1736. James Watt asalé saka keluarga sing sederhana banget. Wektu cilik kondisi awaké ringkih, dadi ora disekolahna. Nanging bapak-ibune sing ndidik James Watt dhewek. Umur enem taun, wong tuwane ngerti nek anaké nduwé bakat nang bidang permesinan. Wong tuwane weruh kuwè pas ndeleng Watt mbongkar dolanan kayu terus dirakit maning dadi bentuk liya. Sekang enom James Watt wis nduwé pikiran maju. Umur 18 taun dheweke lunga nang Glasgow golek penghasilan karo nggawe alat bantu sinau matematika. Nanging tekan kana, Watt ora dadi nggawe alat kuwè amarga piranti sing digawa or...

Getuk Goreng Sokaraja Sing Melegenda

Nang kutha cilik jenenge Sokaraja, ana jajanan legendaris sing wis misuwur tekan ngendi-endi. Jenenge getuk goreng. Wong-wong sekang njaba kutha Banyumas padha teka mung arep tuku lan ngrasakna legi lan gurihé sing khas banget. Critane, biyen ana bakul jenenge Mbah Sanpirngad. Dheweke dodol getuk biasa sekang boled sing diuleg alus. Nanging tau ana dina getuke ora payu lan meh bae basi. Supaya ora kebuwang, getuk kuwe banjur digoreng nang lenga panas. Eh, jebul sawise digoreng, rasane malah dadi luwih enak. Njabane rada garing, ning njero isih empuk lan legi. Sing tuku malah dadi seneng lan kandha, “Mbah, getuk gorenge maning ya!” Sekang kana, getuk goreng dadi misuwur. Saben esuk, pawoné Mbah Sanpirngad wis anget karo ambune gula jawa lan lenga panas. Wong-wong ngantri sekang bocah cilik tekan wong tuwa. Bocah loro, jenenge Rina lan Bagas, seneng banget yen dijèk menyang Sokaraja. “Bu, tuku getuk goreng ya!” kandhane karo ibune. Dheweke paling seneng sing rasa gula jawa la...