Inyong siiki lagi sregep nyelenggarakna macem-macem pelatihan lan kursus usaha home industry kanggo sapa bae sing kepengin maju. Wiwit saka wong sing durung nduwé pengalaman nganti sing wis tau nyoba usaha nanging pengin nambah ilmu, kabeh bisa melu. Pelatihan kiye dadi dalan kanggo wong-wong sing kepengin nduwé penghasilan sekang omah dewek, tanpa kudu ninggalna tanggung jawab saben dina.
Sing diajarkna ora sembarangan, ning langsung praktek nggawe produk sing saben dina dibutuhna masyarakat. Ana pelatihan nggawe deterjen, sabun, parfum, karbol, nganti usaha laundry. Kuwe kabeh mlebu usaha rumahan sing modale ora pati gedhé nanging peluangé apik banget. Yen digarap tenanan, insyaAllah bisa dadi sumber rejeki sing ajeg.
Pelatihan kiye cocok banget kanggo sing lagi miwiti usaha anyar utawa sing pengin nambah kawruh lan keterampilan. Ora mung diwulang carane nggawe produk, nanging uga diwenehi pangerten babagan takaran bahan, cara ngemas, lan tips supaya produk bisa saingan nang pasaran. Dadi ora mung bisa nggawe, nanging uga bisa adol kanthi luwih percaya diri.
Ana akèh jinis sabun sing bisa dipelajari nang kene. Wiwit sekang sabun cuci piring, sabun sandhangan utawa deterjen laundry, sabun cuci tangan, sabun pel lantai, sabun jelly, sabun cuci mobil utawa motor (shampo mobil), nganti sabun mandi batang. Lan isih akèh maning variasi produk liyane sing bisa dikembangna miturut kabutuhan pasar. Peserta bebas milih arep fokus nang produk sing endi.
Sing nyenengna maning, peserta bisa teka langsung lan praktek nang panggonan. Kabeh bahan wis disediakna, dadi ora perlu repot nggawa apa-apa sekang omah. Saben peserta oleh kesempatan nyoba dhewek, lan asil praktiké bisa digawa bali. Kuwe bisa dadi conto produk kanggo dipelajari maning utawa langsung dicoba dipasarna.
Pelatihan kiye dibimbing langsung déning praktisi sabun sing wis pengalaman. Dadi yen ana kendala utawa pitakonan, bisa langsung takon lan konsultasi nganti paham tenan. Suasanané santai nanging tetep serius, supaya saben wong bisa nyerap ilmu kanthi maksimal lan ora sungkan yen arep takon maning.
Kanggo lokasi, pelatihan dianakna nang Bogor, Jawa Barat, lan uga nang Banyumas, Jawa Tengah. Yen krasa kakehan adoh sekang panggonan panjenengan, ora usah kuwatir amarga ana pilihan kelas online sing bisa meluni sekang ngendi bae. Kanggo informasi luwih lanjut lan jadwal pelatihan paling cedhak, monggo hubungi WhatsApp 085773009666. Muga-muga sekang kiye bisa mbukak dalan usaha lan nambah kesejahteraan keluarga.
Komentar
Posting Komentar