“Ora Ngapak Ora Kepenak” kuwe dudu mung ukara biasa, nanging wis dadi semangat lan jati diri wong Banyumasan. Sapa bae sing lair lan gedhe nang tlatah Banyumas mesthi ngerti rasa kepenak nalika omong nganggo logat ngapak. Nalika kudu nyesuaikna logat dadi "koyo wong ngetan", rasane ana sing kurang, kaya dudu awake dhewek. Mula ukara kiye dadi tandha yen ngapak kuwe dudu mung cara ngomong, nanging rasa nduweni lan rasa bangga. Dialek ngapak wis suwe ana lan dianggep dadi salah siji bentuk basa Jawa sing luwih lawas. Amarga adoh sekang pengaruh keraton, basa wong Banyumas tetep lugas lan apa anane. Tembung-tembunge cetha, swarane “a” tetep “a”, ora malih dadi “o”. Wong kene ngomong apa anane bae, ora seneng muter-muter tembung. Sekang kahanan sejarah kuwe, laire watak egaliter sing nganti siki isih krasa. Nang tlatah kaya Purwokerto, Cilacap, Purbalingga, Banjarnegara, tekan desa-desa cilik liyane, ngapak dadi basa saben dina. Bocah cilik tekan wong tuwa padha ngang...
Sawijining dina inyong ketemu karo kanca sing nduwé usaha iwak hias lan akuarium. Usahané wis mlaku lumayan apik lan malah wis nduwé siji outlet nang pinggir gili. Nang tengah obrolan santai, dhéwéké banjur ngejék inyong kerja sama. Rencanané inyong dikon mbangun kolam kanggo nyimpen bibit iwak sing mengko bakal didol. Awalé biaya sing disebut mung kira-kira sakjuta rupiah, mula inyong mikir usaha kiye kayane isih entheng kanggo dicoba. Nanging sawisé diitung maning kanthi luwih rinci, biaya mbangun kolam jebulé dadi membengkak tekan rongjuta luwih. Ukuran kolamé kurang luwih 2,3 x 3 mèter lan dibangun permanén nganggo bata hebel, diplester, lan mungkin uga nganggo pondasi wesi bén luwih kuat. Nalika ngrungokna rincian biaya kuwé, inyong mulai krasa yén modal sing kudu metu ora sethithik. Padahal sing nyediakna bibit iwak lan mesin aerator tetep kancané inyong. Sing marai inyong luwih mikir maning yaiku soal pembagian keuntungan sing ora tau dijelasna kanthi terang. Dhéwéké...