Papua dudu lemah kosong. Lemah kuwé wis suwé dadi papan urip lan sumber panguripan kanggo masyarakat adat sekang jaman biyén. Film dokuménter “Pésta Babi” garapan lan siki dadi omongan ramé nang media sosial amarga mbukak kenyataan babagan éksploitasi lemah Papua sing gedhé-gedhéyan. Akéh wong sing nonton filem kiyé nganti nétésna banyu mata, merga apa sing dialami sedulur-sedulur Papua pancén nglarani ati lan nggeterna rasa kemanusiaan.
Filem kiyé uga oléh dukungan sekang macem-macem komunitas lan kelompok masyarakat sing peduli karo nasib rakyat tertindas. Nanging nang sisih liyané, pemutaran filem “Pésta Babi” malah dicekal nang pirang-pirang panggonan. Alesané méh padha kabéh, yaiku dianggep filem provokatif lan pemecah belah. Sing unik, wong-wong utawa instansi sing ngalangi pemutaran film kuwé akéh sing ana gandhéngané karo pemerintah, lan lucuné maning, sebagiyan durung tau nonton filemé nganti rampung nanging wis langsung ménéhi cap négatif.
Kahanan kuwé nggawé akéh wong gumun. Larangan tanpa alasan sing jelas dirasa ora logis, merga wong sing nyalahna malah ora ngerti isi filemé kanthi utuh. Kaya mung ngomong, “Pokoké ana masalah,” tanpa téyéng nerangna letak salahé nang endi. Padahal filem kiyé mung nyritakna kenyataan sing dialami masyarakat Papua: alas-alas dirusak, lemah adat dijupuk, lan rakyat lokal kerep ditekan wektu mempertahanna hak lan martabaté.
Nang Papua sisih kidul, proyék-proyék gedhé atas nama ketahanan pangan lan transisi énérgi siki terus mlaku. Ana cetak sawah raksasa, kebun tebu kanggo bioétanol, nganti perkebunan sawit kanggo biodisel. Atusan alat abot mlebu nang lemah adat wong Marind tanpa permisi, terus mbabat alas sing wis dadi sumber urip masyarakat sekang turun-temurun. Pemerintah nargétna jutaan hektaré lahan kanggo dikonvérsi, lan akéh pihak nyebut langkah kiyé dadi salah siji deforéstasi paling gedhé nang sejarah modéren Indonesia.
Kanggo masyarakat Papua, kahanan tentara nang proyék-proyék kuwé ora nggawé rasa aman, malah dadi téror anyar. Sejarah operasi militer sing dawa nggawé rakyat Papua wedi lan trauma. Puluhan éwu tentara mlebu kampung-kampung kanggo ngawal proyék tambang lan perkebunan, sementara masyarakat adat sing bertahan malah kerep dianggep penghalang pembangunan. Akibaté, luwih sekang satus éwu wong terusir sekang lemah leluhur dhéwék, ninggalna kampung asal sing wis diwarisna turun-temurun.
Filem “Pésta Babi—Kolonialisme di Zaman Kita” njajal ngrekam kabéh kenyataan kuwé. Dokuménter kiyé nuduhna kepriwé masyarakat adat Papua péngin tetep urip bareng alas sing lestari, kali sing resik, lan pangan tradisional sing wis dadi bagian budaya dhéwék. Wong Papua ora mung lagi berjuang soal lemah, nanging uga soal idéntitas, harga diri, lan masa depan generasi penerusé. Nalika alas rusak, kéwan lan tanduran sing dadi simbol budaya Papua uga mélu ilang sethithik-sethithik.
Siki akéh wong mulai sadar yén masalah Papua dudu perkara sepele sing téyéng dilalékna baé. Apa sing kedadéyan nang kana berlangsung nang ngarep mata negara lan dunia, nanging sering ketutupan berita-berita hiburan sing ora pati penting. Filem “Pésta Babi” dadi pangéling yén keadilan sosial kudu dirasakna kabéh rakyat, ora peduli manggon nang endi. Lan kanggo wong-wong sing isih peduli karo kemanusiaan, perjuangan masyarakat adat Papua kuwé dudu mung urusan wong Papua baé, nanging urusan kabéh anak bangsa.
Komentar
Posting Komentar