Peralihan sekang lenga tanah menyang élpiji nang Indonesia kerep nimbulna macem-macem panemu nang masyarakat. Ora sethithik sing nganggep kebijakan kiyé dadi langkah politik sing keliru, malah ana uga sing percaya nék minyak tanah nguja dilarangna bén wong-wong pada pindhah. Crita kaya kuwé nyebar amba, luwih-luwih merga owah-owahan kiyé kerasa cepet lan langsung kena kebutuhan urip saben dina.
Kebijakan konvérsi kiyé mulai dilakokna sacara gedhé-gedhéyan pas jaman pamaréntahané Susilo Bambang Yudhoyono bareng wakilé Yusuf Kalla sekitar taun 2007. Wektu kuwé, pamaréntah lagi ngadepi beban subsidi énérgi sing gedhé banget, utamané sekang lenga tanah. Regané sing murah banget nggawé panggunaan dadi mundhak, déné negara kudu nutupi selisih rega pasar sing terus mundhak.
Nanging, lenga tanah sing kerep dianggep dadi “produk asli Indonesia” sejatiné ora sepenuhé kaya kuwé. Produksi minyak nang Indonesia wis mudhun sekang awal taun 2000-an, dadi kebutuhan bahan bakar, kalebu lenga tanah, tetep gumantung impor lan prosés olahan sing ora murah. Tegesé, biaya sing ditanggung negara tetep gedhé sanajan sumberé katon sekang njero negeri.
Salah siji alasan utama konvérsi kiyé yaiku éfisiénsi énérgi. Dibandhingna karo lenga tanah, élpiji nduwé panas sing luwih dhuwur dadi panggunaané luwih irit. Nang praktiké, siji tabung élpiji 3 kilogram bisa ngganti lenga tanah luwih akéh, dadi kanggo kebutuhan saben dina luwih irit kanggo akéh rumah tangga.
Nanging ora kena dipungkiri, ana unsur kebijakan sing “nyurung” masyarakat bén pindhah. Distribusi lenga tanah mulai diwatesi lan regané alon-alon mundhak, dadi saya angél ditemokna. Langkah kiyé pancén nguja bén wong-wong ora maning gumantung karo bahan bakar lawas sing mbebani subsidi lan kerep disalahgunakna nang distribusi.
Sanajan kuwé, kebijakan kiyé uga nduwé akibat. Ketergantungan Indonesia marang impor élpiji dadi mundhak, utamané sekang negara Timur Tengah lan Amerika Serikat. Kahanan kiyé nimbulna kekhawatiran anyar soal ketahanan énérgi, merga rega lan pasokan élpiji gumantung karo pasar global.
Pungkasané, penggantian minyak tanah dadi élpiji iji dudu mung keputusan politik tanpa dasar, nanging bagian sekang strategi gedhé kanggo ngowahi pola panggunaan énérgi lan ngurangi beban anggaran negara. Kebijakan kiyé nduwé manfaat lan tantangan bebarengan, dadi peniléané gumantung sudut pandang, antarané éfisiénsi ekonomi lan kemandirian énérgi.
Komentar
Posting Komentar