Sawijining dina inyong ketemu karo kanca sing nduwé usaha iwak hias lan akuarium. Usahané wis mlaku lumayan apik lan malah wis nduwé siji outlet nang pinggir gili. Nang tengah obrolan santai, dhéwéké banjur ngejék inyong kerja sama. Rencanané inyong dikon mbangun kolam kanggo nyimpen bibit iwak sing mengko bakal didol. Awalé biaya sing disebut mung kira-kira sakjuta rupiah, mula inyong mikir usaha kiye kayane isih entheng kanggo dicoba.
Nanging sawisé diitung maning kanthi luwih rinci, biaya mbangun kolam jebulé dadi membengkak tekan rongjuta luwih. Ukuran kolamé kurang luwih 2,3 x 3 mèter lan dibangun permanén nganggo bata hebel, diplester, lan mungkin uga nganggo pondasi wesi bén luwih kuat. Nalika ngrungokna rincian biaya kuwé, inyong mulai krasa yén modal sing kudu metu ora sethithik. Padahal sing nyediakna bibit iwak lan mesin aerator tetep kancané inyong.
Sing marai inyong luwih mikir maning yaiku soal pembagian keuntungan sing ora tau dijelasna kanthi terang. Dhéwéké mung ngomong mengko bakal diitung biaya sewa lan listrik. Ora ana omongan pira persen keuntungan kanggo inyong utawa kepiyé sistem bagi hasilé. Inyong dadi krasa bingung, sebab sing metu modal mbangun kolam justru inyong, nanging arah usahané tetep dikendhalèkna déning dhéwéké.
Ora mung soal modal, inyong uga mulai mikir soal kenyamanan omah. Dhéwéké ngomong yén pelanggan bisa teka bengi-bengi utawa ésuk buta kanggo njupuk iwak. Malah pelanggan disebut bisa njupuk lan ngitung iwaké dhéwék. Nang pikiran inyong, kondisi kuwé rawan banget marai masalah. Bisa baé ana selisih jumlah iwak, salah hitung, utawa malah ana iwak sing ilang tanpa ora ngerti.
Sekang kéné inyong mulai sadar yén posisi inyong nang kerja sama kiyé ora pati nguntungna. Suplayer iwak dhéwéké sing ngerti, pelanggan uga dhéwéké sing nyekel. Inyong ora diwénéhi akses jaringan usaha utawa cara tuku bibit iwak langsung. Tegesé, usaha tetep dikontrol déning dhéwéké, déné inyong mung nyediakna panggonan lan nanggung repoté.
Nalika dipikir luwih jero, inyong krasa kaya mung dadi sing kepanggonan baé. Menawa suatu dina usaha ramé, sing paling nduwé kendali tetep wong sing nyekel suplayer lan pelanggan. Nanging menawa usaha mandheg utawa rugi, kolam permanén tetep nang omahé inyong. Biaya sing wis metu ora gampang bali. Kahanan kuwé marai inyong dadi luwih ati-ati kanggo mutusna langkah saklanjuté.
Siki inyong ngerti yén kerja sama usaha kuduné jelas sekang awal. Pembagian keuntungan, tanggung jawab, jam operasional, nganti aturan pelanggan mlebu omah kuduné dirembug dhisik. Menawa kabéh durung jelas nanging modal wis dikon metu gedhé, inyong krasa luwih apik nahan dhisik timbang kesusu. Sebab usaha sing apik kuduné padha-padha nguntungna, dudu mung siji pihak sing paling akéh nyekel kendali.
Komentar
Posting Komentar