Langsung ke konten utama

Rega Sepur Murah Jakarta Purwokerto Mung Sewidhakan

K A Serayu kuwé dadi siji-sijiné sepur sing nyambungna Jakarta karo Kroya utawa Purwokerto liwat Bandung. Rute kiyé béda karo sepur liyané sing umumé sekang Jakarta menyang Purwokerto liwat Cirebon sing luwih cepet amarga mlebu lintas tengah. Amarga jaluré muter liwat Bandung, K A Serayu dadi pilihan penting kanggo warga nang wilayah Priangan Timur kaya Tasikmalaya, Ciamis, lan Banjar sing arep lunga menyang Jakarta.


Akéh wong milih sepur kiyé amarga regané murah, mung watara Rp 67.000 baé. Kanggo masyarakat, utamané sing péngin ngirit biaya perjalanan, K A Serayu kuwé dadi andalan sing tetep dienggo nganti siki. Sanajan wektu tempuhé luwih suwé, nanging akses sing diwenéhna tetep penting banget kanggo mobilitas warga.


Kanggo jadwal sekang Pasar Senén menyang Purwokerto, ana loro pilihan yaiku sepur ésuk lan wengi. K A Serayu ésuk budhal jam 09.30 W I B lan tekan Purwokerto watara jam 20.35 W I B, kanthi durasi kurang luwih 11 jam 5 menit. Déné K A Serayu wengi budhal jam 19.25 W I B lan tekan jam 06.00 W I B, kanthi wektu perjalanan watara 10 jam 35 menit.


Sekay arah sebaliké, yaiku sekang Purwokerto menyang Pasar Senen, uga ana loro jadwal sing bisa dipilih. K A Serayu ésuk budhal jam 07.00 W I B lan tekan Jakarta jam 17.22 W I B, kira-kira 10 jam 21 menit nang dalan. Déné sepur wengi budhal jam 16.45 W I B lan tekan Pasar Senén jam 04.17 W I B, kanthi durasi watara 11 jam 32 menit.


Pengalaman nganggo sepur Serayu, kalebu sing tak rasakna dhéwék lan penumpang liyané, perjalanan kiyé pancén cukup melelahkan amarga luwih sekang 10 jam njagong nang kursi. Posisi kursi sing tegak nggawé awak krasa pegel, lan kadhang sikil bisa tabrakan karo penumpang liyané amarga ruangé winates.


Nanging ana uga sisi nyenengna sekang perjalanan kiyé. Antar penumpang kerep padha srawung, saling nyapa, lan pungkasané dadi kanca ngobrol nganti tekan tujuan. Suasana kiyé nggawé perjalanan sing suwé dadi ora krasa banget amarga ana interaksi sosial sing anget.


Saliyané kuwé, kebersihan sepur lan ketertiban penumpang uga luwih terjaga. Yén dibandhingna karo kahanan pirang-pirang taun kepungkur sadurungé ana pembenahan gedhé nang persepuran, kahanan siki wis luwih apik lan luwih nyaman kanggo penumpang sing dienggo layanan kiyé saben dinané.

Komentar