Langsung ke konten utama

James Watt, Sing Nemokna Mesin Uap

Kepala sekolah kongkon bocah-bocah murid ngumpul nang ruangan teater amarga sedhela maning film arep diwiwiti. Agung, Slamet karo kancane ya banjur nuruti omongane kepala sekolah. Ora suwe lampu nang ruangan teater kuwè mati, film ya mulai diputer.


Kabeh mata langsung nyawang layar gede sing ana nang ngarepane. James kuwè sawijining penemu mesin uap. Dheweke lair nang Greenock, Skotlandia, tanggal 19 Januari 1736. James Watt asalé saka keluarga sing sederhana banget. Wektu cilik kondisi awaké ringkih, dadi ora disekolahna. Nanging bapak-ibune sing ndidik James Watt dhewek.


Umur enem taun, wong tuwane ngerti nek anaké nduwé bakat nang bidang permesinan. Wong tuwane weruh kuwè pas ndeleng Watt mbongkar dolanan kayu terus dirakit maning dadi bentuk liya.


Sekang enom James Watt wis nduwé pikiran maju. Umur 18 taun dheweke lunga nang Glasgow golek penghasilan karo nggawe alat bantu sinau matematika. Nanging tekan kana, Watt ora dadi nggawe alat kuwè amarga piranti sing digawa ora lengkap. Kanggo nyukupi kebutuhan uripé, dheweke kerja nang perusahaan kacamata. Nang kana mung sedhela, amarga ngrasa ora akèh sinau soal mesin.


Semangat sinau babagan mesin ora tau mandheg. Dheweke banjur lunga maning nang London kanggo nerusna sinau babagan nggawe instrumen lan peralatan setaun suwene. Sawisé ngrasa wis trampil, Watt bali nang Skotlandia arep mbukak usaha. Nanging rencanane ora kelaksana amarga ora ngrampungna studiné kanthi resmi.


James Watt bungah banget nalika ana telu profesor saka Universitas Glasgow maringi kesempatan kanggo mbukak bengkel nang universitas kuwè. Kesempatan mau digunakna kanthi apik. Saben dina waktune dienggo mung kanggo nggawe peralatan matematika lan instrumen mesin.


James Watt mulai kepincut karo mesin uap nalika oleh kesempatan ndandani salah siji mesin Newcomen. Dheweke mbongkar lan ngamati mesin kuwè. Dheweke yakin nek mesin kuwè isa digawe luwih efisien lan bisa digunakna dadi penggerak macem-macem mesin.


James Watt nduwé sifat ora gampang nyerah, senajan pirang-pirang percobaane kerep gagal. Taun 1765 dheweke kasil nggawe mesin uap sing pertama. Mesin uap gaweyane James Watt nyambut gawe nggunakna uap saka banyu sing dipanasna. Ora mung kuwè, dheweke uga kasil ngowahi uap dadi tenaga kanggo muter baling-baling cilik.


James Watt ora tau mandheg inovasi. Taun 1782 dheweke kasil nggawe mesin ganda. Saliyane kuwè, dheweke uga kasil nggawe alat ukur tekanan, alat ngitung kecepatan, alat penunjuk, lan alat pengontrol uap. James Watt seneng banget karo kasil ciptaane.


James Watt kerja bareng karo pengusaha jenenge Matthew Boulton kanggo masarke asil ciptaane. Nalika nggawe mesin uap, dheweke ora dhewekan, nanging dibantu akèh tenaga ahli lan perlengkapan sing apik. Mula James Watt kasil nggawe mesin uap kanthi kasil sing luwih apik.


Kerja kerasé ora muspra, amarga mesin uap ciptaane akèh sing minat. Pesanan terus mili marang perusahaane Matthew Boulton nganti perusahaan kuwè maju pesat. Ora mung kuwè, James Watt dadi wong sugih merga penemuane mau.


Sawisé nemokna macem-macem penemuan penting kuwè, James Watt dadi wong sukses lan sugih. Nanging tanggal 25 Agustus dheweke séda nang Heathfield, Inggris. Minangka pangurmatan marang jasane nang pangembangan mesin uap, jeneng “Watt” diabadikna dadi siji­an daya nganggo simbol W miturut International System of Units sing dikenal tekan siki.

Komentar