Yen Indonesia Dijajah Spanyol utawa Portugis Luwih Suwe, Jenenge Wong Jawa Bisa Dadi Sugeng Fernández
Akeh wong sing nganggep nek identitas Indonesia dina siki kuwe wis alami, wis mesthi, kaya wis ora bisa diganggu gugat. Ning sakjané, sing diarani “jati diri bangsa” kuwe akèh-akèhé mung kebetulan sejarah. Yen bae ana owah-owahan sethithik wae—umpamané Indonesia dijajah Spanyol utawa Portugis luwih suwe—mbokmenawa siki kita wis padha bangga ngomong basa Spanyol, nganut agama Katolik, lan ngenalna awak, “Jenengku Sugeng Fernández,” tanpa krasa kikuk.
Deloken bae Amerika Latin lan Filipina. Saka kana ketok cetha, kolonialisme Iberia kuwe ora mung teka njarah bandha, ning pancèn niaté ngganti wong-wonge. Basa daerah dianggep rendahan, agama digeser alon-alon ning terus-terusan, lan bocah-bocah digedhekna nganggo cara mikir wong Eropa. Suwe-suwe, penjajahan ora dirasa penjajahan maning, ning malah dianggep dadi nasib sejarah.
Indonesia sakjané meh wae mlebu dalan kaya ngana. Portugis lan Spanyol tau mlebu, nggawa salib lan basané. Ning wong loro kuwe kalah cepet lan ora betah suwé. Banjur Walanda teka. Penjajahan dadi kaya dagangan: tanam paksa, pajeg, nyedhot tenaga lan bandha, ning ora peduli karo budaya. Lucuné, merga Walanda ora sregep nyetak kita dadi “wong Walanda”, identitas lokal malah tetep urip tekan siki.
Ayo ngomong blak-blakan: yen Spanyol utowo Portugis nguwasani Nusantara nganti atusan taun, gedhé kemungkinan Islam siki mung dadi agama cilik, kaya nang Filipina kidul. Dudu merga Islamé ora kuwat, ning merga penjajahan kuwe mlaku liwat sekolah, greja, kantor, lan jeneng mburi wong. Sejarah wis mbuktekna, iman lan identitas kuwe luwih gampang diganti liwat kertas lan cap, dudu liwat pedhang.
Pendapat kiye mbokmenawa gawe ora kepenak ati, ning perlu. Identitas bangsa kuwe dudu barang suci sing ora bisa diganti. Bsa dibentuk, bisa diarahna, malah ibsa diowahi. Lan yen siki kita ngrasakake awake “paling Indonesia”, kuwe dudu merga kita paling kuat, ning merga penjajah sing teka biyèn kebetulan milih cara sing beda. Sejarah ora tansah adil, ning meh mesthi nemtokna sapa awake dhewek dina siki.
Komentar
Posting Komentar