Satria kuwe pralambang wong Banyumas sing temenan ngugemi jati dirine. Omongane ngapak cetha, vokale tetep -a, ora malih dadi -o. Yen ngomong, tembunge lugas, ora muter-muter kaya dalan nggunung. Karo sapa bae, tuwa apa enom, sugih apa mlarat, tetep padha. Ora ana unggah-ungguh sing kakehan aturan nganti nggawe atine kikuk. Kanggo Satria, rasa ngajeni kuwe ana nang ati lan tumindak, dudu mung sekang pilihan tembung. Ngapak kuwe dudu kasar, nanging tandha yen dheweke ora seneng lamis lan ora seneng ndhelikna maksud.
Watake Satria blaka suta. Yen bener ya diarani bener, yen salah ya diomong salah. Huruf “k” diwaca cetha, ora dadi “’ ” sing kadhang ora keton wujude. Tembung “bapak” ya tetep “bapak”, dudu “bapa’ ” sing kaya ilang buntute. Kuwe dudu amarga ora ngerti tata krama, nanging amarga wis kulina karo budaya sing prasaja lan terbuka. Wong Banyumas sekang gemiyen dikenal teges lan ora seneng kemaki. Satria mung nerusna warisan kuwe, warisan kejujuran lan kesahajaan.
Nanging suwe-suwe, angin sekang wetan mlebu nggawa pengaruh anyar. Satrio teka karo dialek Mataraman sing vokale -o, alus lan kebak tatanan unggah-ungguh. Yen ngomong karo wong sepuh, swarane digawe alus lan andhap asor. Yen karo kanca sebaya, beda maning nadane. Kabeh ana tingkatane, ana aturane, lan kadhang kudu mikir dhisik sadurunge mbukak cangkem. Kanggo Satria sing biasa blaka suta, kuwe dadi perkara sing rada mumet.
Satria kerep rumangsa kepeksa nurut. Yen ora melu gaya omongane Satrio, dheweke dianggep ora sopan, ora nduwe tata krama, malah diarani kampungan. Tembung-tembunge sing ngapak dadi bahan guyonan. Ana sing ngguyu merga krungu logate, ana sing nganggep kurang pantes yen dienggo nang papan resmi. Alon-alon, rasa percaya dirine Satria kaya kethok susut. Dheweke wiwit mikir, apa pancen carane dhewek kuwe salah?
Kosok baline, Satrio kerep dipuji. Logate dianggep luwih alus, luwih elegan, lan luwih pantes kanggo njagong nang ngarep. Wong-wong sing krungu kerep ngomong yen dialek Mataraman kuwe luwih “njawani”. Satria dadi kaya wong sing kudu nyelarasna diri supaya ora keton beda. Padahal beda kuwe dudu dosa. Beda kuwe kasugihan budaya. Nanging yen siji dianggep luwih dhuwur lan liyane dianggep luwih ngisor, sekang kene wiwit ana rasa ora adil.
Mula sekang kuwe, Satria kudu eling maning marang asal-usule. Ngapak kuwe dudu cacat, dudu aib, lan dudu pratandha yen wong ora nduwe pendidikan. Ngapak kuwe identitas, tandha yen dheweke lair lan gedhe nang tlatah Banyumas sing sugih tradhisi. Ora kabeh kudu diseragamna. Yen kabeh padha, donya malah dadi garing lan ora warna-warni. Satria kudu wani ngomong nganggo swarane dhewek, tanpa wedi diarani ndesa utawa ora modern.
Siki wayahe Satria mardika sekang bayang-bayang Satrio. Dudu ateges memungsuhi utawa ngremehna dialek liyane, nanging mung pengin jejeg lan padha drajate. Satria kudu bisa ngadeg dhewek, percaya diri karo logate, lan tetep ngajeni wong liya tanpa kudu ngilangna jati diri. Ayo, Satria, tangi lan jejeg! Jaga rega dirimu, tresnana budayamu, lan buktekna yen ngapak uga bisa dadi swara sing gagah lan mulya.
Komentar
Posting Komentar