Nang pojok Griya Alam Sentosa Blok Y, Cileungsi, crita kiye diwiwiti. Inyong, penulis sing kebak pangarep-arep, tanggane karo Abdan Syakuron sing dikenal nduweni eseman nyakini. Sore kuwe, nang ngarep pager omah sing cedhak bae, muncul gagasan dodolan pelem. Inyong nduweni modal limang atus ewu rupiah, banjur diparingna marang Abdan kanggo ngelolana, karo janji yen usaha mandheg, dhuwit kuwe dadi utange dheweke marang Inyong.
Awal-awale usaha kiye mlaku apik banget. Pelem sing wangi laris manis nang ngarep omah. Saben dina entong bae, kranjang dadi kosong. Inyong sing ndeleng sekang kadohan rumangsa bungah, merga modal sekang inyong katon bisa ngasilna bathi.
Nanging ora suwe, kahanan owah. Peleme wis entong, bathi wis ana, nanging kranjang ora katon maning nang arep omah. Abdan mutusna mandheg dodolan sepihak. Miturut janji awal, merga usaha mandheg, modal limang atus ewu rupiah kuwe otomatis dadi utang sing kudu dibalekna marang inyong.
Inyong banjur nagih kanthi cara apik. Inyong ngomong, “Dan, merga ora lanjut dodolan, modal wingi dadi utang ya, sesuai janji?” Nanging pasuryane owah. Dheweke malah ngomong yen ora rumangsa nduweni utang limang atus ewu. Kaya wong pekok sing lali kabeh.
Ora mung ora mbayar, dheweke malah nyerang balik. Dheweke ngomong yen inyong nduweni utang nang warunge patang puluh ewu rupiah. Inyong banjur bayar utang sisan gawé bayar bar tuku mi godhog loro amerga ana tamu sing melu kursus sabun sekang Cirebon urung sarapan. Wis lunas aku bayar utange ya. Gari kowe!
Komentar
Posting Komentar