Sekang mbiyen, basa Jawa ora mung ditulis nganggo huruf Latin, ning uga tau nganggo huruf Arab Pegon. Pegon kuwe adaptasi huruf Arab sing diowahi ben cocog karo swara khas Jawa. Ana sawetara huruf sing ditambah utawa diganti ben bisa makili swara kaya “ng”, “ny”, lan liya-liyane.
Tradisi Pegon nuduhna yen wong Jawa ora kaku soal aksara. Huruf bisa disilih, diowahi, banjur disesuaikna karo kabutuhan lokal. Sekang pesantren tekan karya sastra lawas, Pegon dadi bukti yen tulisan Arab tau nyawiji karo basa Jawa.
Saiki muncul gagasan sing rada iseng ning menarik: nek mbiyen basa Jawa bisa ditulis nganggo Pegon, kenapa ora njajal nganggo aksara Thaana? Sanajan bentuké beda karo Arab standar, Thaana uga nduweni pengaruh huruf Arab amarga berkembang nang tradisi Islam nang Maladewa kanggo nulis basa Dhivehi.
Secara tampilan, kanggo wong awam, tulisan Thaana kiye bisa katon kaya tulisan Arab. Apamaning generasi siki sing ora pati kenal karo Pegon, mesthi bisa nganggep kiye variasi Arab sing ora umum.
Ning justru nang kene letak serune. Katone kaya tulisan Timur Tengah, ning pas diwaca nganggo sistem transliterasi sing wis disetel, jebul isine basa Banyumasan sing ngapak banget.
Contone ukara sederhana:
“Inyong arep lunga dhéwékan nganggo pit.”
nek ditulis nganggo Thaana dadi:
ިޏޮންގ ަރަްޕ ލުންގަ ދްހެވެކަނ ންގަންގގޮ ޕިތ.
Kanggo wong sing ora ngerti sistemé, tulisan kuwe mungkin dikira basa Arab. Padahal sakjane isine lokal banget. Eksperimen kiye dadi dolanan budaya sing lucu lan kreatif, nggabungna rasa visual “Arab” karo jiwa Banyumasan sing santai lan egaliter. Miturut sampeyan kepriwe?
Kiyé inyong lanjut nulis maning amerga mbengi nggawe aplikasi sing bisa nulis basa Jawa Banyumasan mengko metune kaya aksara Arab tapi dudu huruf Arab padha umume. Nek pengen njajal klik bae Link dashboard Thaana Banyumasan
Kiye jane huruf Thaana sing kaya aksara Arab.
Vokal:
a ަ
i ި
u ު
é ެ
o ޮ
ə (pepet) ަް
Konsonan:
b ބ
c ޗ
d ދ
g ގ
h ހ
j ޖ
k ކ
l ލ
m މ
n ނ
p. ޕ
r ރ
s ސ
t ތ
w ވ
y ޔ
Huruf Jawa sing liyane:
-ng ންގ
-n ން
ny ޏ
th (t tebel Jawa) ތްހ
dh (d tebel Jawa) ދްހ
Kesuwun wis maca nganti ngisor. Jane inyong nganggo aksara kiye ben padha paham ana aksara alternatif nggo nulis basa Jawa. Inyong wis njajal nulis anggo aksara Sunda, malah kepénak.
𑼡𑼾𑼱𑽂𑼦𑼾𑼂𑼗𑼾𑼴𑼨𑼄𑼥𑽁
Komentar
Posting Komentar