Langsung ke konten utama

Kiye Gendhèng Apa Gendheng ?


Kiye deleng umahé almarhumah mama. Saben aku mandheg nang ngarep omah kuwe atiku campur aduk. Omahé sederhana, temboke sekang gribig wis lawas, caté anggo plamir wis padha luntur dipangan wektu. Nanging neng kono kebak kenangan: swara mama masak neng pawon, ngguyu bareng batire, lan donga sing tau munggah saben wengi. Siki mama wis ora ana, ning omahé isih dadi saksi bisu perjalanan urip keluargaku.


Jajal deleng ndhuwuré anggo seng mbok? Kiye lagi dibenerna karo kanca cilik jenenge Rikun. Dheweke tulung tanpa akeh caturan, mung nggawa tangga lan palu. Senge padha bolong jalaran karatan. Ya pastine padha bocor nek udan. Nek mangsa rendheng teka, banyu netes sithik-sithik sekang ndhuwur, kadang kudu ngesog ember nang njero omah ben ora kebanjiran. Kahanan kaya ngene kiye wis lumrah kanggo wong cilik.


Rikun ngomong, “Nek nduwé duit luwih, nggo bae diganti gendheng.” Aku mung mesem. Gendheng pancen luwih adem lan luwih awet ketimbang seng. Ning regané ya ora sithik. Wong urip saben dina bae wis kudu mikir mangan, listrik, sekolah anak. Kadang kepinginan ngapiki omah kudu disimpen dhisik, ngenteni rejeki luwih.



Wingi aku ndeleng pidhatone Presiden . Dheweke nyebut nek seng luwih apik diganti gendheng ben ora panas lan apik dideleng. Menurutku maksude apik, pengin rakyat urip luwih layak lan omahé luwih sehat. Jane aku sih oke baé senge diijoli gendheng asal ora bayar, hahaha. Sapa sing ora gelem omahé luwih apik nek gratis?


Ning nek dipikir maning, kiye gendhèng apa gendheng (gemblung)? Apa presiden kudu ngurusi tekan atap-atapé omah rakyat siji-siji? Negara kiye amba, rakyaté atusan yuta. Masalahé ya ora mung seng lan gendheng tok. Isih ana rega sembako, lapangan kerja, sekolah, kesehatan, lan liya-liyané. Kabeh kuwe butuh perhatian lan kebijakan sing mateng.


Menuruté aku presiden ora usah ngurusi kaya kiye tekan rincian cilik. Sing luwih penting wong-wonge gampang usaha, ora ana pengangguran ben padha seneng. Nek lapangan kerja akeh, UMKM urip, petani lan buruh sejahtera, wong bakal nduwé daya tuku. Kuwe sing lewih penting. Soal gendheng ben urusane rakyat. Kan nek ana duit otomatis pengen umahé bagus, ora perlu dikongkon.


Nanging aku uga ora gelem mung nyalahké. Mbokmenawa gagasan kuwi mung simbol, tandha yen negara kepengin rakyaté ora kepanasan lan urip luwih manusiawi. Sing jelas, sekang omah almarhumah mama kiye aku sinau: perubahan kuwe apik, ning kudu selaras karo kebutuhan sing paling dhasar. Omah bisa wae isih nganggo seng, ning nek atiné tentrem lan rejekiné lancar, kuwe wis dadi gendheng paling kuat kanggo nglindhungi urip.

Komentar