Masa bersiap kiye dadi wektu sing kebak rasa campur aduk ning atiku. Siki aku lagi nata niat arep pindah domisili sekang tanah Sunda, ya kuwe Bogor, bali menyang Banyumas, tanah kelairanku dhewek. Kuwe dudu keputusan sing dumadakan, nanging wis tak pikir suwé lan tak timbang maning kanthi mateng. Ana akèh pertimbangan sing mbokmenawa ora perlu tak critakna kabeh, nanging sing cetha, kiye langkah gedhé kanggo nerusake urip lan perjuangan.
Sekang kene, usaha sabun wis lumaku lan alhamdulillah bisa nyukupi kabutuhan. Produksi sabun deterjen, gawe parfum, karbol, pel lantai, lan macem-macem kebutuhan kebersihan omah tangga lan laundry wis dadi kegiyatan saben dina. Rencanane, kabeh kuwe bakal tetep tak lakoni nang Banyumas. Ora mung produksi, aku uga tetep kepengin mbukak pelatihan sabun, supaya wong-wong kana bisa sinau lan nduwé ketrampilan. Kuwe sing tak anggep penting, amarga rejeki ora mung kanggo dinikmati dhewek, nanging bisa dienggo bareng-bareng.
Wingi aku wis pindho bali menyang Banyumas kanggo beres-beres omah. Omah lawas sing sederhana banget, sebagian gedhék isih nganggo pring lan kayu. Akeh seng sing wis karatan, dadi nek udan mesthi bocor nang endi-endi. Kuwe nggawe aku kudu kerja keras mbenerna sethithik-sethithik. Sanadyan prasaja, omah kiye tetep nduwé kenangan lan nilai sejarah kanggo aku.
Posisine omah luwih cendhek sekang dalan. Saben udan deres, banyu sok mlebu pekarangan. Lemahé akèh watu, atos lan kaya tanah kritis. Nalika ndeleng kondisi kuwe, atiku sempat mikir, “Apa kiye bisa digarap dadi lahan sing produktif?” Nanging maning-maning aku éling, yen niat lan usaha sing temen mesthi ana dalane.
Siki aku malah nduwé rencana anyar. Nang kono ora mung nerusake bisnis sabun, nanging uga kepengin sinau berkebun lan beternak. Senajan lemahé kebak watu, mesthi ana cara supaya bisa ditanduri lan dimanfaatna. Mbokmenawa kudu nambah pupuk, nggemburna lemah, lan ngatur banyu kanthi becik. Kuwe dadi tantangan anyar sing justru marai semangatku urip maning.
Babagan usaha online, alhamdulillah tetep mlaku nganti siki. Pesanan sekang pelanggan isih ana, lan komunikasi bisa dilakoni tanpa kudu ketemu langsung. Insya Allah, pindah domisili ora bakal ngalangi usaha, malah bisa dadi kesempatan kanggo ngembangna pasar anyar nang Banyumas lan sakupenge. Kuwe sing marai aku luwih manteb njupuk keputusan kiye.
Masa bersiap kiye dudu mung perkara pindah panggonan, nanging pindah cara mikir lan nyusun masa depan. Sekang Bogor bali menyang Banyumas, sekang nyaman menyang tantangan anyar. Nanging aku yakin, saben langkah sing diniatna kanthi temen bakal diparingi dalan. Muga-muga siki dadi wiwitan anyar sing luwih berkah, lan aku bisa tetep manfaat kanggo wong liya nang ngendi bae aku manggon.
Komentar
Posting Komentar