Nang kutha cilik jenenge Sokaraja, ana jajanan legendaris sing wis misuwur tekan ngendi-endi. Jenenge getuk goreng. Wong-wong sekang njaba kutha Banyumas padha teka mung arep tuku lan ngrasakna legi lan gurihé sing khas banget.
Critane, biyen ana bakul jenenge Mbah Sanpirngad. Dheweke dodol getuk biasa sekang boled sing diuleg alus. Nanging tau ana dina getuke ora payu lan meh bae basi. Supaya ora kebuwang, getuk kuwe banjur digoreng nang lenga panas.
Eh, jebul sawise digoreng, rasane malah dadi luwih enak. Njabane rada garing, ning njero isih empuk lan legi. Sing tuku malah dadi seneng lan kandha, “Mbah, getuk gorenge maning ya!”
Sekang kana, getuk goreng dadi misuwur. Saben esuk, pawoné Mbah Sanpirngad wis anget karo ambune gula jawa lan lenga panas. Wong-wong ngantri sekang bocah cilik tekan wong tuwa.
Bocah loro, jenenge Rina lan Bagas, seneng banget yen dijèk menyang Sokaraja. “Bu, tuku getuk goreng ya!” kandhane karo ibune. Dheweke paling seneng sing rasa gula jawa lan sing dicampur coklat.
Getuk goreng digawe sekang boled sing apik, dikukus, banjur diuleg nganti alus. Sawisé kuwe dicampur gula lan dibentuk cilik-cilik. Bar kuwe digoreng nganti warnane coklat keemasan sing nggugah selera.
Nalika isih anget, getuk goreng kuwe paling penak dipangan bareng teh anget. Yen dileg, krasa krenyes sethithik nang njero tetep lembut. Rina nganti mesem-mesem merga senenge.
Siki, yen ana wong dolan menyang Banyumas, mesthi ora klalen tuku getuk goreng dadi oleh-oleh. Kothake warna-warni, ana tulisane “Getuk Goreng Asli Sokaraja.” Wong sing nampa oleh-oleh mesthi bungah.
Pak guru nang sekolahé Rina tau crita, getuk goreng kuwe dadi salah siji kebanggaan Banyumas. “Kita kudu nguri-uri panganan khas daerah dewek,” ujare. Bocah-bocah padha manggut-manggut.
Mula sekang kuwe, getuk goreng Sokaraja ora mung jajanan biasa, nanging uga bagean sekang crita lan sejarah wong Banyumas. Sekang pawon cilik tekan dadi legendaris, getuk goreng tetep dadi sing paling dirindukna saben wong sing tau ngrasakna.
Komentar
Posting Komentar