Nang donya aksara lan basa, manungsa wis suwé njajal nggawé sistem tulisan sing cocok kanggo basane dhéwék. Salah siji conto sing menarik yaiku aksara Adlam. Aksara kiyé dudu warisan saka jaman kuna, nanging hasil gagasan modéren sekang wong Afrika Kulon. Nalika akéh basa nganggo aksara Latin utawa Arab, wong Fulani uga péngin nduwéni tulisan dhéwék sing luwih pas karo cara ngomongé. Mula banjur lair aksara anyar sing diarani Adlam.
Aksara Adlam kuwé dadi diinisiasi dening loro sedulur, yaiku Ibrahima Barry lan Abdoulaye Barry. Wong loro kuwé asalé sekang komunitas Fulani nang Afrika Kulon. Dhéwéké nduwéni gagasan yén basane dhéwék kudu nduwéni aksara sing khusus, supaya budaya lan basa Fulani tetep lestari. Sekang semangat kuwé, banjur dhéwéké nggawé sistém tulisan anyar sing diarani Adlam.
Jeneng “Adlam” dhéwék nduwéni makna khusus. Jeneng kuwé asalé sekang gabungan tembung nang basa Fulani sing tegesé kira-kira “aksara sing nglindhungi rakyat sekang ilangé ilmu.” Gagasan kuwé muncul amarga wong Fulani biyén luwih akéh nganggo tradisi lisan tinimbang tulisan. Kanthi ana aksara Adlam, ilmu, crita, lan budaya wong Fulani téyéng ditulis lan diwarisna maning marang generasi sabanjuré.
Cara nulis aksara Adlam uga unik. Aksara kiyé ditulis sekang tengen menyang kiwa, padha kaya tulisan Arab. Sistem kuwé digawé bén luwih gampang dienggo dening wong Fulani sing wis kenal karo tulisan Arab sadurungé. Sanajan bentuk hurufé béda, arah nulis kuwé nggawé wong luwih gampang sinau lan nganggo aksara anyar kiyé.
Aksara Adlam banjur dienggo kanggo nulis basa Fulani, salah siji basa gedhé nang Afrika Kulon. Basa Fulani dienggo dening jutaan wong nang pirang-pirang negara, kaya Guinea (Ginéa), Senegal, Mali, lan Nigéria. Kanthi ana aksara kiyé, masyarakat Fulani téyéng nulis buku, cathetan, lan bahan pendidikan nganggo basané dhéwék.
Nang perkembangané, aksara Adlam ora mung dienggo nang tulisan tangan baé. Siki aksara kiyé uga wis mlebu nang téknologi digital. Komputer lan telepon pintar wis ndhukung aksara Adlam bén wong Fulani téyéng nulis lan maca basané nang internet. Perkembangan kuwé nuduhna yén aksara lokal uga téyéng urip lan berkembang nang jaman modéren.
Crita babagan aksara Adlam dadi bukti yén kreativitas manungsa ora ana entongé. Sekang gagasan loro sedulur, lahir sistem tulisan sing siki dienggo dening akéh wong. Aksara kiyé ora mung simbol basa, nanging uga lambang kebanggaan budaya wong Fulani nang Afrika Kulon. Kanthi cara kuwé, basa lan identitas budaya tetep téyéng dijaga nganti generasi sing bakal teka maning.
Komentar
Posting Komentar