Langsung ke konten utama

Njajal Nulis Aksara Jawa Strés Sing Diwaca Mung Sandhangan

Gagasan babagan Aksara Jawa Sandhangan Only sing banjur diarani Jawa STRÉS (Sistém Tulisan Rekaan Enggo Sandhangan) kuwé lair sekang kepinginan kanggo ngéksplorasi wates-wates nulis aksara Jawa kanthi cara kréatif. Sistém kiyé ora mung ngowahi tampilan visual baé, nanging uga ngowahi cara maca kanthi dhasar. Nang sistem kiyé, sandhangan dadi pusat utama sing diwaca, déné aksara kaya ha malah dadi unsur meneng sing ora diwaca.


Keunikan utama sekang sistém kiyé ana nang prinsip yén sing diwaca kuwé mung sandhangan baé. Aksara ha (ꦲ) dienggo dadi kerangka, nanging sifaté “silent” utawa ora ana muniné. Pendekatan kiyé nggawé pengalaman maca sing béda sekang aksara Jawa biyasa, amarga sing maca kudu nerjemahna swara mung sekang tandha sandhangan sing nempel.

Saliyané kuwé, sistém kiyé uga netepna yén sandhangan sing ora ana nang ngisor dadi vokal mandiri lan uga makili konsonan kaya ha, sa, lan pa. Mula sekang kuwé, panggunaan aksara nglegena ha ora mesthi dibutuhna. Kahanan kiyé nyederhanakna tampilan nanging uga nantang kebiyasaan maca sing wis ana.

Panggunaan pangkon uga diatur kanthi khusus, yaiku kanggo nandhani konsonan nang akhir tembung utawa yén ketemu antar konsonan, kajaba kanggo -r, h, ng, -ra, -re, -ya, lan -wa. Aturan kiyé nuduhna yén sanajan sistém kiyé sifaté éksperimén, nanging isih nduwé logika swara sing dijaga supaya tetep konsistén.

Nang pangembangané, sistém Jawa STRÉS kiyé uga dirancang bén téyéng ndhukung macem-macem swara tambahan kaya é (taling), th, dh, ng, ny, nganti swara serapan kaya f, v, z, kh, lan sy. Kuwé nuduhna upaya supaya sistém kiyé dadi luwih fléksibel lan cocog karo kabutuhan basa siki.

Contoh kalimat:
Taun 2026, aku nang Kraton Yogyakarta mbadog gedhang kluthuk diwéhi uyah. Pokoké stres pisan!

ꦲ꧀ꦠꦈꦲ꧀ꦤ꧀ 2026, ꦄꦲ꧀ꦏꦸ ꦲ꧀ꦤꦁ ꦲ꧀ꦏꦿꦲ꧀ꦠꦺꦴꦲ꧀ꦤ꧀ ꦲ꧀ꦪꦺꦴꦲ꧀ꦒꦾꦲ꧀ꦏꦂꦲ꧀ꦠ ꦲ꧀ꦩ꧀ꦩ꧀ ꦲ꧀ꦧꦲ꧀ꦢꦺꦴꦲ꧀ꦒ꧀ ꦲ꧀ꦒꦼꦲ꧀ꦝꦁ ꦲ꧀ꦏ꧀ ꦲ꧀ꦭꦸꦲ꧀ꦛꦸꦲ꧀ꦏ꧀ ꦲ꧀ꦢꦶꦲ꧀ꦮꦺꦲ꧀ꦲꦶ ꦈꦲ꧀ꦪꦃ. ꦲ꧀ꦥꦺꦴꦲ꧀ꦏꦺꦴꦲ꧀ꦏꦺ ꦲ꧀ꦱ꧀ ꦲ꧀ꦠꦽꦺꦲ꧀ꦱ꧀ ꦲ꧀ꦥꦶꦲ꧀ꦱꦲ꧀ꦤ꧀! 

Sing luwih menarik maning, sistém kiyé uga mbukak kemungkinan ana struktur medial lan final kaya nang aksara Jawa tradisional, contoné pengkal lan cakra kanggo posisi tengah, uga cecak, wignyan, lan layar kanggo posisi akhir. Éksplorasi kiyé nuduhna yén sistém anyar isih téyéng nyambung karo tradisi lawas.

Tujuan utama sekang nggawé sistém kiyé dudu mung inovasi teknis baé, nanging uga dadi media éksperimén linguistik, sarana sinau sing kréatif, lan uga dadi seni nulis aksara. Nang sisih liya, kerumitané uga ndadékna sistém kiyé dadi media pesen sing didhelikna, amarga ora gampang dipahami wong umum. Mula, Jawa STRÉS kiyé dadi gabungan antarané éksperimén, édukasi, lan éstétika.

Komentar