Narasi ngenani larangan aksara Sunda kerep sumebar nang masyarakat, utamané neng bentuk crita populér sing nyebutna aturan kolonial sing nguja mbusak idéntitas lokal. Akéh sing percaya nék taun 1705, Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) nglarang nganggo aksara Sunda lan nggantiné nganggo aksara Jawa. Nanging nék ditliti luwih jero, klaim kuwé ora segampang kuwé lan butuh mahami bener sing luwih ati-ati.
Sadurungé tekane kolonial, wong Sunda pancén wis nduwéni sistém tulis dhéwék, yakuwé Aksara Sunda Kuno. Aksara kiyé dienggo nang macem-macem naskah lan prasasti, dadi bagéyan penting sekang tradhisi inteléktual lokal sing nlathah sekang jaman kerajaan-kerajaan Sunda. Buktiné kaya Prasasti Kawali nuduhna nék tradhisi tulis kiyé tau urip lan dienggo nang masyarakat.
Mlebu abad 16 lan 17, owah-owahan wiwit kedadéyan bareng mlebu pengaruh kekuasaannya sekang njaba. Ékspansi Kesultanan Mataram menyang wilayah Priangan nggawa pengaruh budaya sing gedhé. Para élit lokal miwiti nganut basa lan aksara Jawa dadi simbol status lan pérek karo pusat kekuwasaan. Nang kahanan kiyé, owah-owahan aksara ora kelakon amarga larangan resmi, nanging luwih amarga prosés sosial lan politik sing alon-alon.
Nalika VOC miwiti nguwatna kontrol nang wilayah Priangan sekitar wiwit abad 18, kalebu kira-kira taun 1705, sistém administrasi uga mélu owah. Nang praktik pemerintahan, VOC luwih seneng nganggo aksara sing wis mapan, kaya aksara Jawa, Latin, lan uga tulisan Arab nang konteks agama. Nanging nganti siki, ora ana bukti arsip sing jelas nyebutna larangan resmi marang aksara Sunda.
Nang kéné penting mbédakna antarané “ora dienggo” lan “dilarang”. Nang akéh kasus kolonial, basa lan aksara sing ora ndhukung kepentingan administrasi pancén dadi ora dienggo maning, nanging dudu artiné langsung dibusak. Aksara Sunda kemungkinan gedhé ngalami kemunduran amarga ora dadi bagéyan sekang sistém kekuwasaan lan pendidikan sing dominan, dadi alon-alon kegésér karo sisteym liya sing luwih fungsional nang jamané.
Narasi ngenani “pelarangan” kemungkinan gedhé katon sekang upaya modéren kanggo nerangna kenapa aksara Sunda sempet ilang. Nang prosés kiyé, macem-macem fakta sejarah kaya dominasi budaya Jawa lan owah-owahan sistem kolonial dirangké dadi crita sing luwih sederhana lan émosional. Nanging, penyederhanaan kiyé kerep nutupi kerumitan sejarah sing saktenané.
Mula sekang kuwé, mangerténi sejarah aksara Sunda kudu nganggo pendekatan sing luwih kritis lan adhedhasar bukti. Ora mung ndéléng dadi korban larangan, nanging dadi bagéyan sekang dinamika sosial, politik, lan budaya sing dawa. Siki, aku pribadi uga lagi ngembangna sawijining konsep “aksara Jawa Sunda”, yaiku gabungan unik: aksara utama nganggo hanacaraka Jawa, déné sandangané nganggo aksara Sunda. Upaya kiyé dudu mung éksperimén, nanging uga cara kanggo nyambung maning warisan budaya sing tau kapisah, supaya tetep urip lan relevan nganti saiki.
𐑴𐑒᮪𐑕𐑮 𐑖𐑝ᮤ𐑘𐑯᮪ 𐑕ᮥ𐑯᮪𐑛
Komentar
Posting Komentar