Langsung ke konten utama

Dudu Nang India, Aksara Tamil Dadi Aksara Resmi Nang Malaysia Lan Singapura

Aksara Tamil kerep dianggep mung dadi peninggalan budaya sekang India Kidul, kaya barang eksotis sing adoh sekang pusat kekuwatan basa global. Nanging anggepan kuwé runtuh wektu ndéléng kenyataan nang Asia Tenggara. Nang Singapura, aksara kiyé ngadeg jejeg bareng basa-basa gedhé dunya dadi basa resmi. Nang Malaysia, dhéwéké urip, berkembang, lan malah mbangun sistém pendhidhikan dhéwék. Pitakoné napa aksara kiyé malah nemu panggonan kuwat nang njaba tanah asalé?

Wangsulané ora sederhana, nanging ana siji perkara sing cetha—Tamil teka ora mung dadi tamu, nanging dadi kekuwatan sosial sing manggoni. Migrasi gedhé-gedhéyan masyarakat Tamil jaman kolonial nggawa ora mung tenaga kerja, nanging uga basa, sastra, lan idéntitas. Nalika akéh komunitas liya kélangan jejak basané, wong Tamil malah njaga aksarané kanthi keras kepala, sanajan ana tekanan modérnisasi lan dominasi basa kolonial.

Nang Singapura, pengakuan Tamil dadi basa resmi dudu mung simbol multikulturalisme baé. Kuwé pernyataan politik sing landhep yén idéntitas minoritas ora kudu tunduk marang mayoritas. Aksara Tamil katon nang papan dalan, dokumén negara, lan sistém pendhidhikan. Kuwé dudu mung toléransi, kiyé legitimasi lengkap. Lan nang kéné provokasiné negara cilik malah wani nindakna apa sing akéh negara gedhé ora téyéng lakoni, ngurmati keragaman kanthi nyata, dudu mung omongan.

Sementara kuwé nang Malaysia, kahanané luwih komplék, nanging ora kalah menarik. Tamil pancén dudu basa resmi negara, nanging kehadirané wis ngakar. Sekolah-sekolah Tamil tetep ngadeg lan diakoni nang sistem pendhidhikan nasional. Media basa Tamil tetep urip. Malah nang ruang publik tartamtu, aksara Tamil dadi pemandangan sing umum. Kuwé nuduhna siji perkara sing kerep dilalékna kekuwatan budaya ora mesthi gumantung marang status resmi.

Fénoména kiyé kaya nampani cara pandang awaké dhéwék babagan basa lan kekuwatan. Sekang biyén, awaké dhéwék kerep nganggep yén mung basa mayoritas utawa basa global sing téyéng bertahan. Nanging Tamil mbuktékna kosok baliné. Dhéwéké bertahan dudu amarga dominasi, nanging amarga keteguhan komunitasé. Kuwé wujud perlawanan alus marang homogenisasi budaya sing kerep dianggep ora téyéng dihindari.

Luwih adoh maning, kehadiran aksara Tamil nang Malaysia lan Singapura mbukak pitakon sing luwih ngganggu napa akéh basa daerah liya malah punah nang tanah dhéwék? Apa sing mbédakna Tamil? Apa amarga sistem pendhidhikan? Utawa amarga kesadaran idéntitas sing luwih kuwat? Utawa malah amarga kewanian politik kanggo maringi ruang? Pitakon-pitakon kiyé pancén ora nyaman, nanging penting kanggo diajokna.

Pungkasané, crita aksara Tamil nang Asia Tenggara dudu mung crita diaspora. Kuwé crita babagan ketahanan, idéntitas, lan kewanian kanggo ora gelem dilalékna. Nang tengah dunya sing saya seragam, aksara Tamil ngadeg dadi pangéling yén basa ora mung alat komunikasi, dhéwéké simbol perlawanan. Lan mungkin, malah sekang “pinggiran” kaya Malaysia lan Singapura, awaké dhéwék sinau yén pusat kekuwatan budaya ora mesthi ana nang panggonan asalé.

Komentar