Langsung ke konten utama

Arané Anak Kéwan, Kowé Ésih Padha Kémutan?

Nang budaya Jawa, utamané nang desa-desa, masyarakat nduwéni tradhisi nyebut jeneng khusus kanggo anak kéwan. Jeneng-jeneng kiyé wis ana sekang jaman biyén lan dadi bagian sekang kawruh basa lan budaya wong Jawa. Wong tuwa biyasa mulangna marang bocah-bocah bén padha ngerti lan éling jeneng anak kéwan, amarga kawruh kuwé dianggep penting kanggo njaga warisan basa daerah.

Nalika bocah-bocah lagi sinau babagan kéwan, wong tuwa utawa guru kerep nerangna yén saben kéwan nduwéni jeneng anak sing béda. Contoné, anak asu diarani kirik, déné anak pitik diarani kuthuk. Anak bébék diarani meri, lan anak kucing diarani ceméng. Jeneng-jeneng kuwé wis dadi pangertén umum nang masyarakat lan nganti siki ésih kerep dienggo nang obrolan saben dina.

Ana maning kéwan liya sing nduwéni jeneng anak unik. Contoné anak kebo diarani gudél, déné anak sapi diarani pedhét. Anak jaran diarani belo, lan anak macan diarani gogor. Jeneng-jeneng kuwé nuduhna yén wong Jawa nduwéni perhatian gedhé marang alam lan kéwan sing urip bareng karo manungsa.

Nang jagad manuk uga ana jeneng khusus kanggo anak-anaké. Anak manuk umum diarani piyik, déné anak dara uga diarani piyik. Anak emprit diarani indhil, anak gagak diarani engkak, lan anak merak diarani uncung. Kawruh kaya kiyé biasané diwulangna sekang wong tuwa marang anak-anak bén padha luwih cedhak karo alam.

Ora mung kéwan gedhé lan manuk baé, kéwan cilik uga nduwéni jeneng anak dhéwék-dhéwék. Anak cecak diarani sawiyah, anak tikus diarani cindhil, lan anak kodok diarani precil. Anak kupu diarani uler, amarga sadurungé dadi kupu-kupu, wujudé ésih kaya ulat. Kahanan kiyé nuduhna yén wong Jawa jeli banget nalika mirsani owah-owahan urip kéwan.

Nang banyu uga ana akéh jeneng anak iwak. Contone anak bandeng diarani nener, anak kakap diarani caplek, lan anak lélé diarani jabrisan. Ana maning anak iwak saga sing diarani beyong utawa kocolan. Jeneng-jeneng kuwé biyasa dingerténi dening para nelayan utawa wong sing urip cedhak kali lan segara.

Sekang akéh jeneng anak kéwan kuwé, kita téyéng ngerti yén basa Jawa sugih banget tembung lan makna. Kawruh kaya kiyé penting kanggo dijaga lan diwarisna marang generasi enom supaya ora ilang. Yén bocah-bocah siki tetep sinau lan nganggo tembung-tembung kuwé, budaya lan basa Jawa bakal tetep urip nganti mbesuk.

Komentar