Sejarah aksara nang donya kuwé dadi crita dawa sing kebak hubungan antar peradaban. Salah siji conto sing menarik yaiku lelampahan Aksara Jawa sing jebul nduwé oyot adoh nang jaman biyén. Akéh wong nganggep aksara kiyé mandiri, padahal sejatiné dadi bagéan sekang ranté évolusi tulisan sing amba banget.
Lelampahan kuwé diwiwiti sekang Aksara Brahmi, yaiku sistém tulisan kuna sekang India sing dadi dhasar kanggo akéh aksara nang Asia Kidul lan Asia Tenggara. Sekang Brahmi banjur metu macem-macem turunan, kalebu aksara Pallawa sing mlebu nang Nusantara liwat pengaruh budaya lan agama India.
Nang Nusantara, aksara Pallawa ngalami penyesuaian lan perkembangan nganti pungkasané nglairna Aksara Jawa. Proses kiyé ora langsung dadi, nanging liwat adaptasi dawa sing mélu interaksi budaya, basa, lan kabutuhan masyarakat Jawa.
Nanging yén ditlusuri luwih adoh, asal-usul Aksara Brahmi dhéwék isih dadi perdebatan nang kalangan ahli. Salah siji teori sing cukup kuat nyebutna yén Brahmi nduwé keterkaitan karo Aksara Aram sing tau dienggo amba nang wilayah Kakaisaran Persia.
Aksara Aram kuwé dingerténi dadi turunan sekang Abjad Fénisia, yaiku sistem alfabét kuna sing nduwé pengaruh gedhé nang sejarah tulisan donya. Malah, Fénisia dhéwék diyakini asalé sekang Protosinaitik, sing dianggep dadi salah siji wujud awal alfabét nang sejarah manungsa.
Sanajan kaya kuwé, hubungan antarané Brahmi lan Aram ora kabéh mesthi. Para ahli isih padha mbahas apa Brahmi tenan asil adaptasi langsung utawa mung kapengaruh baé. Ana uga panemu sing nyebutna yén Brahmi berkembang mandiri nang India tanpa pengaruh langsung sekang njaba.
Mula sekang kuwé, Aksara Jawa pancén dadi bagéan sekang jaringan gedhé évolusi tulisan donya. Nanging penting dingerténi yén ora kabeh hubungan nang ranté kuwé sifaté mesthi. Sawetara mung asil rekonstruksi sejarah sing isih mbukak kanggo panalitén lan penafsiran maning.
Komentar
Posting Komentar