Langsung ke konten utama

Cara Gawé Deterjén Cair Laundry

Nang urip saben dina, kebutuhan kanggo ngumbah klambi dadi perkara sing penting banget. Akéh wong sing luwih seneng nganggo deterjén cair amarga luwih gampang larut nang banyu lan luwih praktis kanggo dienggo. Nanging ora kabéh wong ngerti yén deterjén cair sejatiné téyéng digawé dhéwék nang omah nganggo bahan-bahan sing cukup sederhana. Kanthi cara sing bener, sapa baé téyéng nggawé déterjen cair sing kualitasé apik lan hemat biaya.

Kanggo nggawé kira-kira enem liter deterjén cair, ana sawetara bahan sing kudu disiapna dhisik. Bahan-bahan kuwé yaiku Texapon utawa SLES sakitar 250 gram, Soda Abu 150 gram, lan STPP utawa Sodium Tripolifosfat 150 gram. Saliyané kuwé, dibutuhna maning Asam Sulfonik 50 gram, Nitrosol 20 gram, parfum utawa pewangi 10 gram, lan pewarna 2 gram yén péngin deterjéné katon luwih menarik.

Saliyané bahan kimia kuwé, banyu resik uga dadi bahan utama sing penting. Total banyu sing dienggo kira-kira enem liter. Nanging nang proses awal, ora kabéh banyu langsung disuntek sekaligus. Banyu kuwé bakal ditambahna sethithik-sethithik bén campuran bahan téyéng larut kanthi rata lan asil deterjén dadi luwih apik.


Langkah pertama yaiku nyiapna ember gedhé lan nglebokna banyu sakitar papat liter. Sawisé kuwé, lebokna Soda Abu 150 gram banjur aduk nganti larut. Yén wis larut, tambahna STPP 150 gram banjur aduk maning nganti campurané rata. Prosés ngaduk kiyé penting ben kabéh bahan téyéng nyampur kanthi sempurna.

Sawisé campuran kuwé rata, lebokna Asam Sulfonik sakitar 50 gram kanthi alon-alon sambil terus diaduk. Sawisé kuwé tambahna Texapon 250 gram. Nalika nambah Texapon kudu diaduk alon baé bén busa ora kakéhan. Yén busa kakéhan, prosés nggawé deterjén téyéng dadi luwih suwé amarga kudu nunggoni nganti busané mudhun.


Langkah sabanjuré yaiku nyiapna Nitrosol. Nitrosol ora langsung dilebokna, nanging dilarutna dhisik nang gelas cilik nganggo banyu. Sawisé larut, campuran kuwé banjur disorna menyang émbér kanggo nggawé tékstur deterjén dadi luwih kenthel. Sawisé kuwé, tambahna pewarna lan parfum supaya deterjén nduwéni tampilan lan aroma sing nyenengna.


Nang tahap pungkasan, tambahna sisa banyu nganti total volume kira-kira enem liter. Sawisé kabéh bahan nyampur rata, diasokna campuran kuwé sakitar enem nganti rolas jam. Tujuané supaya busa sing ana nang deterjén mudhun lan cairan dadi luwih stabil. Yén wis rampung, deterjén cair kiyé wis siap dienggo kanggo ngumbah klambi saben dina. Nek ésih bingung péngén prakték langsung, wéa baé maring 085773009666.

Komentar