Wong Rohingya dikenal minangka salah siji étnis sing ngalami penderitaan dawa amarga terusir sekang tanah kelairané dhéwék. Nanging nang balik kisah sing melasi kuwé, ana sisi menarik sing jarang dingerténi wong akéh, yaiku babagan aksara utawa huruf sing diduwéni déning basa Rohingya. Aksara kiyé ora mung dadi alat komunikasi, nanging uga simbol idéntitas lan perjuangan budaya sing tetep dijaga nganti siki.
Huruf Rohingya sing dikenal unik kuwé sejatiné kalebu huruf rekaan sing diadaptasi sekang alfabet Urdu. Kaya sing wis dingerténi, alfabet Urdu nduwé bentuk sing mirip karo huruf Arab. Nanging liwat tangan kréatif Mohammad Hanif, huruf kuwé dimodifikasi dadi luwih khas lan cocog karo kabutuhan fonétik basa Rohingya. Hasilé, aksara kiyé katon béda lan nduwé ciri visual sing menarik.
Basa Rohingya dhéwék dituturna kira-kira déning 1,5 yuta wong. Umumé, penuturé manggon nang Myanmar, nanging amarga konflik lan tekanan sosial-politik, akéh uga sing dadi pengungsi lan nyebar nang negara liya kaya Bangladés lan Tailan. Kondisi kiyé nggawé basa lan budayané kudu berjuang luwih greget bén ora ilang.
Sadurungé nduwé aksara dhéwék, basa Rohingya wis suwé, nganti kira-kira 200 taun, ditulis nganggo huruf Arab. Saliyané kuwé, ana uga sing nulis nganggo aksara Myanmar lan versi Latin sing wis dimodifikasi sethithik. Nanging cara-cara kuwé durung sepenuhé bisa makili kabutuhan basa Rohingya sing khas.
Nang sekitar taun 1960-an, muncul kesadaran sekang kalangan siswa Rohingya kanggo nggawé sistém tulisan dhéwék. Wong-wong enom kiyé ngrasa pentingé nduwé identitas tulisan sing mandiri, sing ora gumantung marang aksara bangsa liya. Semangat kiyé dadi wiwitan lahiré aksara Rohingya sing luwih terstruktur lan sesuai karo basané.
Prosés penciptaan aksara kiyé ora gampang. Perlu penyesuaian muni, wujud huruf, lan aturan penulisan bén téyéng dienggo kanthi éféktif déning masyarakaté. Nanging kanthi tekad lan rasa nduwéni budaya, aksara kiyé alon-alon mulai dikenal lan dienggo nang komunitas Rohingya, senajan kondisiné serba winates.
Siki, aksara Rohingya ora mung dadi simbol linguistik baé, nanging uga dadi lambang perlawanan lan eksistensi sawijining bangsa. Senajan wong Rohingya terus ngalami tekanan lan pengasingan, warisan budaya kaya basa lan aksara tetep urip. Kuwé mbuktékna yén idéntitas ora gampang ilang, sanajan kahanan njajal ngilangi.
Komentar
Posting Komentar