Miturut data Sensus Penduduk 2020 sekang Badan Pusat Statistik, jumlah penduduk Pulau Jawa kira-kira ana 151,6 yuta jiwa. Nanging perkiraan paling anyar nuduhaké yen angkane siki wis meh nyedaki 155 yuta jiwa. Angka kiye dudu angka cilik, malah dadi pratandha sepira padete urip ing pulo sing ora pati amba kuwe.
Siki jajal dibandhingna karo negara-negara nang wilayah kidul lan Pasifik. Australia pedunungé mung watara 26 yuta jiwa. Papua Nugini kira-kira 10 yuta jiwa. Dene Selandia Baru kurang luwih 5 yuta jiwa bae.
Durung maning negara-negara pulo cilik liyane. Kepulauan Solomon watara 0,7 yuta jiwa, Fiji 0,9 yuta jiwa, lan Vanuatu mung 0,3 yuta jiwa. Ana maning Kaledonia Baru sing pedununge kira-kira 0,3 yuta jiwa bae.
Yen kabeh wilayah kuwe digabung dadi siji, total pedununge mung watara 43 nganti 44 yuta jiwa bae. Angka kuwe isih adoh yen dibandhingna karo jumlah penduduk ing Pulau Jawa sing wis ngluwihi 150 yuta jiwa.
Artine apa? Tegese, penduduk Pulau Jawa dewek kira-kira 3,5 nganti 4 kaping luwih akeh tinimbang gabungan Australia, Papua Nugini, Selandia Baru, lan pulo-pulo Pasifik sakupenge. Pancen nggumunake, pulo siji nanging isine kaya bawana dhewek.
Padahal yen didelok sekang jembare wilayah, Pulau Jawa mung watara 138 ewu kilometer persegi. Bandhingna karo Australia sing meh 7,7 yuta kilometer persegi, bedane adoh banget. Nanging soal jumlah manungsa, Jawa tetep dadi juwarane.
Pulo cilik, nanging super padet. Saka kene, luwih sekang setengah penduduk Indonesia manggon lan nguripake uripe. Kiye dudu mung angka statistik bae, nanging gambaran nyata sepira padete lan dinamise urip nang tanah Jawa siki.
Komentar
Posting Komentar