Langsung ke konten utama

Penjajah Kuwé Dudu Belanda

Ukara kuwé krungu kasar, malah kaya tuduhan. Ning nang jeroné ana rasa kuwatir sing metu sekang ndeleng alam lan urip wong akéh sing tambah rusak. Akéh wong mulai takon, yén biyén negeri kiyé tau dijajah bangsa asing nganti atusan taun, ngapa kerusakan sing katon siki malah luwih nyata lan cedhak karo urip saben dina.


Nalika jaman penjajahan Belanda sing kerep disebut nganti 350 taun, rakyat pancen ngalami akéh penderitaan. Tanah direbut, tenaga diperes, lan asil bumi digawa lunga menyang negeri adoh. Ning yén ndeleng alam siki, muncul pitakon sing ngganggu pikiran: ngapa gunung-gunung siki dienggo ditebangi nganti gundul, alas-alas ilang sethithik-sethithik, lan kali-kali malih dadi banyu keruh kebak limbah.

Sawisé merdeka, bangsa kiyé nduwé kesempatan gedhé kanggo ngatur nasibé dhéwék. Kamardikan kuduné dadi dalan kanggo ndandani urip rakyat lan njaga kekayaan alam. Ning perjalanan wolung puluh taun ora tansah mlaku kaya sing diarepna. Akéh pembangunan dilakoni, dalan-dalan dibangun, gedhung-gedhung ngadeg, ning nang sisih liyané ana cerita proyek sing digarap asal dadi lan pungkasané ambruk sadurungé wayahé.

Nang macem-macem daérah, alas sing biyén rimbun alon-alon malih dadi lahan kosong. Wit-witan ditebangi, lemah digali, lan wetengé bumi dibukak kanggo njupuk kekayaan sing ana nang jeroné. Tambang-tambang dibukak terus tanpa kendhat, déné segara dienggo dikeruk kanggo macem-macem kepentingan. Akibaté, alam sing biyén dadi papan urip wong akéh malah malih dadi sumber bencana kanggo wong-wong kuwé dhéwék.

Nelayan kelangan panggonan golék iwak amarga segara wis malih, petani kesusahan amarga lemah rusak, lan warga sing manggon cedhak kali kudu urip karo banyu sing wis tercemar. Sing luwih ironis, nalika rakyat ngeluh, wong-wong kuwé malah kerep disuruh sabar lan ikhlas baé. Tembung penghiburan kuwé krungu bola-bali, kaya-kaya penderitaan rakyat mung kudu ditampa tanpa akéh pitakon.

Nang wektu sing padha, nang ruangan sing adem lan kepénak, ana wong-wong sing lungguh nganggo klambi rapi lan dasi nang gulu. Dhéwéké ngomong bab pembangunan, pertumbuhan ekonomi, lan kemajuan negara. Ning kanggo sebagian rakyat, omongan kuwé krasa adoh sekang kenyataan sing dialami saben dina.

Mula sekang kuwé muncul pitakon sing nggeterna ati akéh wong: sapa sejatiné penjajah siki? Yén negeri kiyé wis merdeka, ngapa isih ana rasa kaya bangsa kiyé dirampas tangan-tangan serakah. Mula ana sing ngomong kanthi getir, penjajah kuwé dudu bangsa asing maning, nanging wong-wong sing ngiyanati negeri dhéwék lan mangan bangsané dhéwék sekang balik jabatan sing dienggo.

Komentar