Nang taun 1375, Raja Pajajaran Prabu Linggabuana bebarengan karo garwa lan putrine, Dyah Ayu Pitaloka, tindak menyang Majapahit. Tekan kono, kahanan dadi tegang lan pungkasane njalari prastawa gedhe sing kawentar kanthi aran Perang Bubat. Crita kuwe nganti siki isih dadi pangeling-eling sejarah tumrap wong Sunda lan Jawa, amarga ana gegayutan antarane pakurmatan, politik, lan katresnan bangsa.
Nalika ana panyuwunan supaya Dyah Ayu Pitaloka dinikahake karo raja Majapahit minangka pratandha yen Pajajaran kudu tunduk, Prabu Linggabuana ora gelem nampani. Miturut panemune, pawiwahan kiye dudu mung bab katresnan, nanging pratandha penundukan. Amarga kuwe, raja Pajajaran milih perang mati-matian kanggo mbela ajining dhiri lan keharuman nagarine. Dheweke luwih milih gugur tinimbang kudu ngorbanake pakurmatan bangsane.
Amarga ngreksa “wangi”-ne Pajajaran kuwe, Prabu Linggabuana banjur kawentar kanthi gelar Prabu Wangi. Asmane dadi simbol keharuman lan kamulyan. Nanging sawisé dheweke seda, putrane isih cilik, dadi pamrentahan Pajajaran banjur diterusake sekang adhine, yaiku Patih Bunisora, sing mimpin kanthi wicaksana lan ngati-ati.
Ing sisih Majapahit, patih sing misuwur yaiku Gajah Mada, sing dianggep dadi sebab utama prastawa Bubat, rumangsa banget terpukul. Rasa sedhih lan getun ndadekake dheweke milih nyingkir sekang kraton. Dene raja Majapahit wektu kuwe, Prabu Hayam Wuruk, banjur njaluk pangapura marang Raja Pajajaran, Bunisora, minangka upaya ndandani sesambungan loro karajan.
Sawisé diwasa, putrane Prabu Wangi munggah dhampar kanthi gelar Prabu Niskala Wastu Kancana. Dheweke nikah karo Dewi Mayangsari, putrine Bunisora, lan nglairake anak loro, yaiku Dewa Niskala lan Ki Gedeng Sindangkasih. Ora mung kuwi, Prabu Niskala Wastu Kancana uga nikah maning karo Dewi Lara Sukarti lan nduweni anak jenenge Susuk Tunggal.
Amarga kasil nggawa Pajajaran dadi karajan sing maju lan tentrem, Prabu Niskala Wastu Kancana banjur kawentar kanthi gelar Prabu Wangisutah, tegesé raja sing teyeng nerusake keharuman bapake. Sawisé jumeneng, karajan banjur dipérang dadi loro: Galuh kanggo Dewa Niskala lan Sunda kanggo Susuk Tunggal. Saka kene lair generasi anyar sing saling gegandhengan lumantar pawiwahan.
Dewa Niskala nduweni putri Mayang Sunda, dene Susuk Tunggal nduweni putra Pamanah Rasa. Ki Gedeng Sindangkasih uga nduweni putri Dewi Ambetkasih. Pamanah Rasa nikah karo Mayang Sunda lan Ambetkasih, nglairake keturunan kayata Raden Banyak Blabur, Banyak Catra, Banyak Ngampar, lan Ratna Pamekas. Pamanah Rasa banjur nyawijikake maning Galuh lan Sunda dadi Pajajaran anyar kanthi gelar Prabu Jayadewata. Amarga kasile majokake nagara lan nerusake kaluhuran leluhure, dheweke kawentar minangka Prabu Silihwangi, tegesé raja sing ngganteni lan nerusake wangi leluhur. Sekang tembung Silihwangi kuwe banjur misuwur dadi sebutan Siliwangi nganti siki.
Komentar
Posting Komentar