Ana sawijining lagu lawas sing tau tak rungokna, yaiku Iwan Fals kanthi irah-irahan Kereta Tiba Pukul Berapa. Lagu kuwe nyritakake babagan sepira bobroké pelayanan sepur jaman mbiyen sing kerep teka telat. Nang salah siji bagéan liriké, diceritakna ana wong teka neng stasiun jam setengah loro, lungguh ngenteni karo takon petugas loket lan penjaga, “Kereta teka jam pira?” Nanging jawabané meh padha bae, sepur biasané telat nganti rong jam utawa luwih. Crita kiye dadi gambaran nyata kahanan transportasi sepur nang jaman semana, nalika keterlambatan wis dadi bab sing umum lan penumpang mung teyeng pasrah.
Aku dewe tau ngalami perjalanan adoh numpak sepur jurusan Jawa Tengah, mudhun neng Purwokerto. Wektu tekan Stasiun Pasar Senen, loketé durung buka, nanging antrian wis ngular dawa banget. Malah konon ana sing nginep sekang wengi supaya kebagian tiket. Nalika giliran teka, tiket wis entong. Calo-calo padha nawakna karcis rega selangit, luwih-luwih yen meh Lebaran. Penumpang mung teyeng ngelus dada, ngrasakake angelé golek tiket resmi.
Nalika sepur pungkasane teka, perjuangan durung rampung. Ana sing munggah sekang jendhela, ana sing munggah gendhèng, kabeh rebutan supaya teyeng mlebu luwih dhisik. Sawisé ana njero, rebutan kursi maning. Sing nggawa bocah cilik utawa wong tuwa katon paling sengsara. Yen ora kebagian kursi, ya kudu ngadeg pirang-pirang jam utawa lungguh neng lantai. Akeh sing kesel nganti keturon neng ngisor, tanpa peduli kahanan sakupenge.
Kahanan njero gerbong uga adoh sekang nyaman. Pedagang, pengamen, lan pengemis mondar-mandir nglangkahi wong-wong sing keturon. Toilet kebak, malah kadhang dadi panggonan wong ngaso. Lampu kadhang mati, hawa panas sumuk, lan penumpang padha ngrokok tanpa ana sing nglarang. Ora ana rasa aman utawa tertib. Yen ngomong soal kenyamanan, rasane ora teyeng ditemokna nang jaman kuwe. Kuwe crita lawas sing siki mung dadi kenangan.
Nanging siki kahanane wis owah nganti 180 derajat. Tuku karcis wis teyeng online tanpa calo lan tanpa kudu antri dawa. Penumpang mesthi oleh kursi, ora ana rebutan maning. Nalika sepur mangkat lan tekan tujuan, jadwalé luwih tertib lan pas wektu. Perubahan kiye ndadekake wong sing tau ngalami jaman mbiyen rumangsa kaya ngalami donya sing beda.
Bab kebersihan uga saya apik. Ana petugas kebersihan sing rutin mlaku-mlaku neng gerbong, ngresiki lantai lan mriksa toilet supaya tetep resik lan terawat. Penumpang teyeng turu kanthi tentrem amarga ruangan wis ana AC lan udarane luwih seger. Ora ana maning penumpang sembarangan ngrokok. Suasana luwih tertib lan teratur, nggawe perjalanan adoh dadi luwih nyenengake.
Pelayanan petugas uga luwih ramah lan profesional. Penumpang rumangsa dihargai lan dilayani kanthi becik. Perubahan kiye ora mungkin dirasakake ing masa pra-reformasi manajemen biyen. Mula, rasa matur nuwun pantes diwenehake marang PT Kereta Api Indonesia sing wis gelem owah dadi luwih apik. Saka pengalaman sing biyen kebak keluhan, siki sepur dadi pilihan transportasi sing luwih nyaman lan dipercaya.
Komentar
Posting Komentar