Langsung ke konten utama

Urip Kebak Wanita Kiyé Sultan Yogyakarta Sing Duwé 4 Permaisuri Lan 28 Selir

Nang sajarah Keraton Yogyakarta ana sawijining raja sing misuwur ora mung amarga kekuwatané nalika mimpin nagara, nanging uga amarga urip pribadiné sing kebak wanita. Raja Kuwé yakuwé Sultan Hamengkubuwono 2. Dhéwéké kerep kasebut dadi salah siji sultan Yogyakarta sing paling asring munggah tahta. Saliyané kuwé, uripé uga misuwur amarga nduwéni akéh garwa. Nang cathetan sejarah kasebut yen Hamengkubuwono 2 nduwéni papat permaisuri lan puluhan selir, mula uripé kerep digambarna kaya raja sing kebak keméwahan lan wanita nang sakubengé.


Sultan Hamengkubuwono 2 nduwéni papat permaisuri utawa garwa dalem lan kira-kira ana 27 nganti 28 selir. Sekang kabéh garwa lan selir kuwé lair anak nganti kira-kira wolung puluh wong. Salah siji anak sing paling penting yakuwê Raden Mas Surojo. Bocah kiyé mengko dadi raja Yogyakarta kanthi gelar Hamengkubuwono 3. Sekang garis keturunan kuwé maning banjur lair tokoh gedhe nang sajarah Jawa, jenengé Pangeran Diponegoro, sing mengko dadi pimpinan perlawanan gedhé marang penjajah Walanda.

Hamengkubuwono 2 dhéwék dadi raja Yogyakarta nang telung periode pamaréntahan. Periode pisan yaiku taun 1792 nganti 1810. Sawisé kuwé dhéwéké maning munggah tahta nang taun 1811 nganti 1812, lan periode pungkasan yaiku taun 1826 nganti 1828. Nang saben masa pamaréntahan kuwé, dhéwéké kerep kudu ngadhepi konflik karo kekuwatan asing. Nang wektu kuwi pulo Jawa ana nang pangaruh Inggris sing dipimpin dening Thomas Raffles, lan keraton Yogyakarta kerep mélu pertentangan politik lan militer.

Jeneng asli Sultan Hamengkubuwono 2 yaiku Gusti Raden Mas Sundara. Dhéwéké lair tanggal 7 Maret 1750 lan dadi putra kaping lima sekang Sultan Hamengkubuwono 1. Nalika Sundara lair, bapaké lagi mélu perjuangan nglawan kekuwatan Mataram lan VOC. Nalika Perjanjian Giyanti ditandatangani taun 1755 lan Yogyakarta diakoni dadi kerajaan anyar, Sundara uga diakoni dadi calon pewaris utawa adipati anom.

Nalika wis gedhé, bapaké nduwéni rencana kanggo njodohna Sundara karo putri sekang Kasunanan Surakarta. Rencana pernikahan kiyé sejatiné dadi upaya politik supaya Dinasti Mataram sing wis pecah téyéng didadékna siji maning. Sundara banjur lunga menyang Surakarta nang taun 1763 kanggo nglakoni kunjungan. Nanging sayangé rencana perjodohan kuwe ora kasil. Gagalé rencana kuwé nggawe hubungan antarané Keraton Yogyakarta lan Surakarta dadi luwih tegang.

Ketegangan antarané loro kerajaan kuwé saya gedhé amarga ana masalah wates wilayah sing ora cetha. Supaya konflik ora terus kedadéyan, pamaréntah VOC banjur ngusulna perjanjian anyar. Akhiré tanggal 26 April 1774 digawé Perjanjian Semarang sing diprakarsai gubernur VOC Van de Burgh. Tujuan perjanjian kiyé yaiku kanggo netepna wates wilayah antarane Yogyakarta lan Surakarta supaya ora ana konflik maning nang mangsa sabanjuré.

Saliyané urusan politik lan peperangan, urip pribadi Hamengkubuwono 2 uga dadi perhatian wong akéh. Dhéwéké nduwéni papat permaisuri lan puluhan selir sing nang basa Jawa disebut garwa ampeyan. Sekang para garwa kuwé lair anak nganti puluhan wong sing banjur dadi bagian sekang garis keturunan bangsawan Jawa. Mula ora kaget yen Sultan Hamengkubuwono 2 kerep digambarna minangka raja Yogyakarta sing uripé kebak wanita, kanthi papat garwa utama lan puluhan selir nang lingkungan keraton.

Komentar