Langsung ke konten utama

Gemiyén Wong Jawa Wadon Ora Isin Wudha Dada

Laju dawa peradaban Jawa ora mung katon sekang bangunan gedhé lan karya sastra, nanging uga sekang cara wong Jawa ngerténi awak lan cara nganggo sandhangan (klambi). Sekang jaman gemiyén, sandhangan dudu mung kanggo nutupi awak, nanging uga dadi simbol budaya, status sosial, lan nilai kaéndahan sing terus owah sekang wektu maring wektu.


Nang jaman Mataram Kuno, gambaran wadon katon sekang rélif nang Candi Borobudur. Nang kono, wong wadon kerep digambarna nganggo dada kebuka utawa mung ketutup jarit tipis. Nanging, kuwé ora ateges kabéh wadon urip tanpa aturan, nanging luwih nuduhna yén norma wektu kuwé isih lentur.

Mlebu jaman Kerajaan Majapahit, wiwit ana owah-owahan cara nganggo sandhangan. Kemben wiwit dienggo dadi penutup dada sing luwih umum, utamané nang kalangan bangsawan. Sandhangan dadi luwih tertata, nanging isih njaga unsur kaéndahan awak.

Nalika Islam mlebu liwat Kesultanan Demak, nilé anyar wiwit dikenal. Konsép nutupi awurat wiwit dikenal, nanging ora langsung ngilangna budaya lawas. Wong Jawa ngadaptasi ajaran kuwé sethithik-sethithik, dadi perpaduan antarané tradisi lan agama.

Nang jaman Kesultanan Mataram, prosés adaptasi kiyé dadi luwih cetha. Kemben isih dienggo, nanging ditambah seléndhang utawa penutup pundhak. Kiyé nuduhna yén ana keseyimbangan antarané idéntitas lokal lan pengaruh agama.

Mlebu jaman keraton Kesultanan Yogyakarta lan Kasunan Surakarta, sistém sandhangan wong wadon Jawa dadi luwih mateng. Kemben dadi standar utama, dienggo kanthi ketat bén téyéng nyangga awak lan mbentuk siluwét sing ayu.

Nang wektu kiyé, kebaya wiwit berkembang dadi pelengkap kemben. Awalé durung ngganti kemben sepenuhé, nanging alon-alon dadi bagéyan penting nang sandhangan wong wadon Jawa.

Nalika mlebu jaman Hindia Walanda, owah-owahan dadi luwih gedhé. Pengaruh Éropa nggawa standar anyar, awak wadon kudu luwih ketutup. Kebaya dadi sandhangan utama, lan kemben wiwit suda panganggoné.

Nang jaman kiyé uga wiwit dikenal sandhangan njero kaya kutang. Kiyé dadi tandha yén fungsi sandhangan ora mung simbol, nanging uga kanggo kenyamanan lan bentuk awak.

Mlebu abad rong puluh, pengaruh global dadi luwih kuwat. Bra modéren wiwit dikenal lan dienggo dening sebagian wadon, utamané nang kutha lan kalangan terdidik, kaya sing digambarna nang jaman global.

Suwé-suwé, bra dadi umum lan ngganti fungsi kemben nang urip saben dina. Kebaya isih ana, nanging dipadu karo sandhangan njero modéren bén luwih nyaman.

Nang jaman Indonesia modéren, wadon Jawa dadi luwih bébas milih sandhangan. Ora mung tradisional, nanging uga sandhangan nasional lan Barat.

Mlebu jaman siki, pilihan sandhangan dadi luwih akéh maning. Pengaruh globalisasi nggawé gaya busana dadi warna-warni. Bra dadi standar umum, déné kemben luwih kerep dienggo mung kanggo acara adat baé.

Sanajan ngono, nilé lawas ora ilang. Kemben lan kebaya isih dijaga dadi simbol budaya Jawa sing penting.

Pungkasané, évolusi sandhangan wadon Jawa nuduhna yén owah-owahan kuwé prosés dawa. Dipengaruhi agama, kekuwasaan, lan budaya, kabéh dadi bagéyan sekang laju sejarah Jawa nganti tekan siki.

Komentar