Langsung ke konten utama

Postingan

Kepriwé Arep Sinau Aksara Jawa, Jajal!

Kepriwé arep sinau aksara Jawa, jajal! Akéh wong sing wis suwé manggon nang prantowan, malah sekang cilik, dumadakan kepéngin sinau aksara Jawa. Semangat kuwé apik, luwih-luwih nék ana rasa pengin bali nang oyod budaya. Ning kanyatané, sinau aksara Jawa kuwé ora sederhana sing dibayangna, apamaning nék mung ngandelna internét tanpa tuntunan sing bener. Biasané, langkah pisan sing dilakoni ya ndeleng bagan huruf nang internét, terus langsung njajal nulis utawa ngetik. Sekilas pancén katon gampang, kaya mung nyocogna huruf karo swara. Amarga pengin cepet téyéng, akéh sing langsung prakték tanpa ngerti dhasar-dhasaré dhisik. Padahal, nang balik bentuké sing unik, aksara Jawa nduwéni aturan sing rada ruwet. Nalika wis berhasil nulis siji loro tembung, rasa seneng mesthi muncul. Malah ora sethithik sing langsung pengin “pamér” nang media sosial. Kuwé wajar, amarga ana rasa bangga dhéwék nalika téyéng nganggo aksara tradisional. Ning kerep banget sing ditulis kuwé isih akéh kesal...

Aku Diarani Strés Merga Modifikasi Aksara

Ana akéh wong sing nyebut aku strés merga kasil nyipta aksara gawéan sing dimodifikasi sekang aksara daérah kaya Jawa, Sunda lan liya-liyané, nanging wujudé dadi béda adoh sekang sing kuduné. Miturut pandangané wong-wong kuwé, apa sing tak lakoni dianggep ngrusak warisan tulisan leluhur sing wis ana suwé. Ora mung kuwi baé, aku uga kerep dadi bahan cémohan, malah ana sing njajal garuhi pengelola grup éfbi bén aku kena hukuman. Nanging kahanan kuwé ora nggawé aku mundur. Aku ora gelem meneng baé utawa nyerah karo tekanan sosial sing ana. Kosok baliné, aku malah tambah semangat kanggo terus ngembangna lan nyipta aksara-aksara anyar sing luwih unik lan béda sekang pakem umum. Kanggo aku, kréativitas ora kena diwatesi mung merga rasa wedi marang penilaian wong liya. Saben aksara sing tak gawé nduwé ciri khas dhéwék, asil sekang éksperimén lan eksplorasi bentuk huruf sing ora umum. Inspirasiné tetep sekang aksara tradisional, nanging tak olah dadi wujud anyar sing luwih éksprési...

Aksara Sunda Ora Olih Dienggo Karo Penjajah?

Narasi ngenani larangan aksara Sunda kerep sumebar nang masyarakat, utamané neng bentuk crita populér sing nyebutna aturan kolonial sing nguja mbusak idéntitas lokal. Akéh sing percaya nék taun 1705, Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) nglarang nganggo aksara Sunda lan nggantiné nganggo aksara Jawa. Nanging nék ditliti luwih jero, klaim kuwé ora segampang kuwé lan butuh mahami bener sing luwih ati-ati. Sadurungé tekane kolonial, wong Sunda pancén wis nduwéni sistém tulis dhéwék, yakuwé Aksara Sunda Kuno. Aksara kiyé dienggo nang macem-macem naskah lan prasasti, dadi bagéyan penting sekang tradhisi inteléktual lokal sing nlathah sekang jaman kerajaan-kerajaan Sunda. Buktiné kaya Prasasti Kawali nuduhna nék tradhisi tulis kiyé tau urip lan dienggo nang masyarakat. Mlebu abad 16 lan 17, owah-owahan wiwit kedadéyan bareng mlebu pengaruh kekuasaannya sekang njaba. Ékspansi Kesultanan Mataram menyang wilayah Priangan nggawa pengaruh budaya sing gedhé. Para élit lokal miwiti n...

Gemiyén Wong Jawa Wadon Ora Isin Wudha Dada

Laju dawa peradaban Jawa ora mung katon sekang bangunan gedhé lan karya sastra, nanging uga sekang cara wong Jawa ngerténi awak lan cara nganggo sandhangan (klambi). Sekang jaman gemiyén, sandhangan dudu mung kanggo nutupi awak, nanging uga dadi simbol budaya, status sosial, lan nilai kaéndahan sing terus owah sekang wektu maring wektu. Nang jaman Mataram Kuno, gambaran wadon katon sekang rélif nang Candi Borobudur. Nang kono, wong wadon kerep digambarna nganggo dada kebuka utawa mung ketutup jarit tipis. Nanging, kuwé ora ateges kabéh wadon urip tanpa aturan, nanging luwih nuduhna yén norma wektu kuwé isih lentur. Mlebu jaman Kerajaan Majapahit, wiwit ana owah-owahan cara nganggo sandhangan. Kemben wiwit dienggo dadi penutup dada sing luwih umum, utamané nang kalangan bangsawan. Sandhangan dadi luwih tertata, nanging isih njaga unsur kaéndahan awak. Nalika Islam mlebu liwat Kesultanan Demak, nilé anyar wiwit dikenal. Konsép nutupi awurat wiwit dikenal, nanging ora langsun...

Negara Anyar Kiyé Jenengé Républik Banyumasan

Gagasan babagan sawijining negara sing dibangun adhedhasar basa sejatiné dudu barang anyar nang sajarah peradaban manungsa. Sekang jaman biyén, basa wis dadi pondasi penting kanggo mbangun idéntitas bebarengan sawijining bangsa. Nang konteks Indonésia, peristiwa Sumpah Pemuda dadi bukti yén basa téyéng ngliwati wates kedaérahan lan nyawijikna macem-macem kelompok dadi siji kesatuan. Sekang pemikiran kuwé, muncul imajinasi babagan Républik Banyumasan, sawijining éntitas sing didegna adhedhasar padhané basa yaiku Basa Jawa Banyumasan. Dialék kiyé dikenal lugas, teges, lan egalitér, nggambarna watak masyarakaté sing terbuka lan ora keganggu hirarki sosial sing ruwet. Wilayah penutur Banyumasan nyebar nang sisih kulon Jawa Tengah nganti perbatasan Jawa Barat. Daérah sugih Banyumas, Cilacap, Purbalingga nganti Tegal dadi pusat utama budaya kiyé. Sekang wilayah-wilayah kuwé, tuwuh idéntitas kultural sing kuwat lan khas. Yén negara kiyé dibentuk adhedhasar péta sosiolinguistik, wi...

Njajal Nulis Aksara Jawa Strés Sing Diwaca Mung Sandhangan

Gagasan babagan Aksara Jawa Sandhangan Only sing banjur diarani Jawa STRÉS (Sistém Tulisan Rekaan Enggo Sandhangan) kuwé lair sekang kepinginan kanggo ngéksplorasi wates-wates nulis aksara Jawa kanthi cara kréatif. Sistém kiyé ora mung ngowahi tampilan visual baé, nanging uga ngowahi cara maca kanthi dhasar. Nang sistem kiyé, sandhangan dadi pusat utama sing diwaca, déné aksara kaya ha malah dadi unsur meneng sing ora diwaca. Keunikan utama sekang sistém kiyé ana nang prinsip yén sing diwaca kuwé mung sandhangan baé. Aksara ha (ꦲ) dienggo dadi kerangka, nanging sifaté “silent” utawa ora ana muniné. Pendekatan kiyé nggawé pengalaman maca sing béda sekang aksara Jawa biyasa, amarga sing maca kudu nerjemahna swara mung sekang tandha sandhangan sing nempel. Saliyané kuwé, sistém kiyé uga netepna yén sandhangan sing ora ana nang ngisor dadi vokal mandiri lan uga makili konsonan kaya ha, sa, lan pa. Mula sekang kuwé, panggunaan aksara nglegena ha ora mesthi dibutuhna. Kahanan kiy...

Masjid Jawa Nang Bangkok Thailan

Nang tengah raméné kutha Bangkok, ana sawijining panggonan ngibadah sing nyimpen crita dawa babagan prantowan lan idéntitas budaya, yaiku Masjid Jawa. Masjid kiyé ora mung dadi papan kanggo ngibadah, nanging uga dadi tandha yén wong Jawa tau teka lan manggon adoh sekang tanah asalé. Critané wiwit sekang jaman gemiyén, nalika hubungan antar negara nang Asia Tenggara wiwit mbukak lan wong-wong padha lelungan golék panguripan anyar. Nalika jaman pamaréntahan Raja Siam sing misuwur, negara Thailan wiwit nampa pengaruh lan hubungan sekang njaba. Nang wektu kuwé, akéh wong Jawa teka menyang Bangkok. Ana sing dadi kuli, ana sing dodolan, lan ana uga sing mélu rombongan resmi kerajaan. Tekané wong Jawa kiyé dadi wiwitan terbentuké komunitas cilik sing banjur saya suwé saya kuwat. Amarga butuh papan kanggo ngibadah, komunitas Jawa banjur mbangun masjid sing dikenal dadi Masjid Jawa. Masjid kiyé dibangun kira-kira nang awal abad kaping rong puluh. Wujudé unik, ora kaya masjid umum na...